Kamis, 05 Maret 2015

telu apa 'm'

udan teka ngajak crita
marang janma kang lagi gela
gela merga bata muni dipancal prabata
muntah warih tan subasita

teles klebes gawe greges-greges
si bata milih anteng lan ringkes-ringkes
mbongkar tutup nganggo cathut
cathute driji kang mingkup

aksara m mati
ditututi n nyebur kali
jebul o ya malah meri
kakoyak angka 6 kang ngegirisi
meneng klakep sajak nora ngajeni

m diganti telu
mangkono kudu digugu
n diganti padha karo
merga nora nduwe loro
o diganti angka nol
sajak kaya si pengung
dene enem nora ana ganti
mulane ya rada lara ati

tekan kapan papan iki mati
apa ya wis wancine ketemu basundari?



Sekaran, 5 maret 2015

Minggu, 11 Januari 2015

Bapak -- Didi Kempot


sumber: https://www.youtube.com/watch?v=npfDxOdxN4w

Aksara Swara Jawa



sumber: http://hanifrahma.blogspot.com/2013/11/aksara-swara.html

tembang moneng

tata mbedhayani ing gumuyune jagat
nggaya tarutala ngalor ngidul ngetan ngulon
uswasane siti uga milangoni driya
nadyan sandhingane watu-watu cilik

kajejer akeh,
wisma nedra gumawe saka atosing kayu
kang dikrubuti wilising terpal
ngarepe ora liya yo akeh krikile

unyane kukila dadi pambukane dina
nora amung iku
nanging unyane kencrung iku, ca
kang dadi pambukane dina

kaseksen birune diyata
dai pambukane memitra
nadyan ratane nora rata

ca,
wayah angga priyangga
ingwang moneng sliramu
sliramu kang adoh saka soca
nanging mapan ing ceraking driya

gojegmu,
esemmu,
tutur,
lan pituturmu
isih tarwaca ing jumantanaku

ca,                                     
amung nunut wursita
ingwang moneng mapan ing sandhingmu,
ungina sliramu,
lan ayem ing wismamu

ca,
bisa mrebes nalika menget
netra ing warih sajroning riris
ngrerepi ing wayah rina
lan mlaku bareng ing mayaning jagat

ca,
udrasaku mring sliramu
amung bisa mangajab
mugaha bisa temu sliramu
kang gawe wernaning dina



Boyolali, 5 Mei 2014

Tanda Baca Aksara Jawa





sumber: http://kampoengdjava.blogspot.com/2013/06/bentuk-aksara-jawa-belajar-aksara-jawa.html

Angka Jawa










https://myinsthink.wordpress.com/2010/08/03/144/

Aksara Murda lan Pasangan Aksara Murda














http://sylvanans.wordpress.com/culture/hanacaraka/