Kamis, 05 Maret 2015

telu apa 'm'

udan teka ngajak crita
marang janma kang lagi gela
gela merga bata muni dipancal prabata
muntah warih tan subasita

teles klebes gawe greges-greges
si bata milih anteng lan ringkes-ringkes
mbongkar tutup nganggo cathut
cathute driji kang mingkup

aksara m mati
ditututi n nyebur kali
jebul o ya malah meri
kakoyak angka 6 kang ngegirisi
meneng klakep sajak nora ngajeni

m diganti telu
mangkono kudu digugu
n diganti padha karo
merga nora nduwe loro
o diganti angka nol
sajak kaya si pengung
dene enem nora ana ganti
mulane ya rada lara ati

tekan kapan papan iki mati
apa ya wis wancine ketemu basundari?



Sekaran, 5 maret 2015