Sabtu, 20 Desember 2014

tembung garba

Tembung Garba yaiku tembung loro sing diringkes. Tembung garba lumrahe ana ing tembang kanggo ngoyak guru wilangan.

Tuladhane Tembung Garba

No. Tembung Garba Asale Tembung
1. Aglis         Age + gelis
2. Aneng Ana + ing
3. Araneki Arane + iki
4. Bisoncat           Bias + oncat
5. Dadyajat         Dadi + ojat
6. Dadyawuh          Dadi + ewuh
7. Dhemenyar Dhemen + anyar
8. Doreng Dora + ing
9. Dupyarsa         Dupi + arsa
10. Jalwestri         Jalu + esrtri
11. Jayeng yuda Jaya  + ing + yuda
12. Kalyan Kaleh + lan
13. Kodya Kadi + kaya
14. Lagyaning           Lagi + ing
15. Lumuheng         Lumuh + ing
16. Mring Mara + ing
17. Munggeng          Mungguh + ing
18. Narendra         Nara + indra
19. Narpati Nara + adipati
20. Nateng Nata + ing
21. Prapteng         Prapta + ing
22. Priyagung         Priya + agung
23. Ratwagung Ratu + agung
24. Sireku Sira +iku
25. Sitinggil           Siti + inggil
26. Sakeng Saka + ing
27. Tahteng Mentah + mateng
28. Thukmis Bathuk + klimis
29. Tumekeng        Tumeka  + ing
30. Wulu Sewu + telu


sumber: https://sastrajawabesar.wordpress.com/2014/01/15/tembung-garba/

tembung entar

01. abang kupingé = nêsu bangêt
02. (ng)abangké kuping = gawé nêsu
03. abang abang lambé = ora têmênan, mung lêlamisan
04. abang rainê = nandhang isin (wirang)
05. adol ayu = ngêndêlake ayuné
06. adol bagús = ngêndêlaké bagusé
07. adol gawé = ngatonake pênggawéyané
08. adol kringêt = nyambut gawé
09. adol kwanèn = ngêndêlake kwanèné
10. adol krungon = golèk golèk warta/kabar
11. adol séndhé = adol barang mênyang gadhèn
12. adol umbag/umuk = akèh omongé, ning ora ana nyatané
13. adus getíh = tatuné nêmên bangêt
14. adus kringêt = nyambut gawé, abot bangêt
15. adus luh = nêmên anggoné nangís
16. akèh sandhungané = akèh alangané
17. ålå jênêngé = kurang dipêrcåyå
18. ålå kandhutané = ålå wataké
19. ålå tembungé = têmbungé kasar/saru
20. alus tembungé = kêpénak dirungokaké
21. åmbå jangkahé = bisa ikhtiyar mrana-mrana
22. apus kråmå = dibujuki/diapusi cara alus
23. asor budiné = bêbudèné ålå
24. asor yudané = kalah
25. ati dhóndhóng = atiné ålå
26. atiné ånå wuluné = atine ålå/dêngki


sumber: http://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/kawruh-bahasa-jawa/tembung-entar/

carane kewan mangan

Asu: carane nocok
Baya: carane nyaplo
Bebek: carane nocor
Diyu: carane mbadog
Manuk glathik: carane nisil
Celeng: carane nggogos
Macan: carane gaglak
Kebo: carane nyenggut
Ketehek: carane ngrakoti
Pitik: carane notol
Sapi: carane nyenggut
Singa: carane mangsa
Tikus: carane nacah, ngrikiti
Ula: carane nguntal


sumber: http://basajawibudayaku.blogspot.com/2013/12/cara-mangane-kewan.html

ulese kewan

Ulese asu: nocok

Ulese dara: gambir, megan, klawu, tlampik

Ulese jago: klawu, wido, wiring galih

Ulese jangkrik: jilitheng, jrabang, jragem

Ulese jaran: dhawuk, kembang duren, jilitheng, jragem, rajeg, tutul, pancal panggung

Ulese kebo: bule, lamus

Ulese kucing: kembang asem, kembang telon, candra mawa

Ulese macan: loreng, tutul

Ulese pitik: blorok, gondhang, lurik sekul, sangga buwana, tulak

Ulese sapi: plonthang

Ulese wedhus: kendhit, ireng mulus


sumber: http://kismaningsutresnajawa.wordpress.com/2014/01/08/ulese-rupane-kewan/

gamane kewan

Gamane jago: cucuk lan jalu.
Gamane asu:siyung lan kuku.
Gamane gajah: gadhing lan tlale.
Gamane jaran: sikil.
Gamane kebo lan sapi: sungu.
Gamane kidhang lan wedus: sungu.
Gamane kombang lan tunggeng: entup.
Gamane tawon lan kalajengking: entup.
Gamane landhak: wulu eri.
Gamane lele: patil.
Gamane macan, kucing lan singa: kuku lan siyung.
Gamane tikus: kuku lan untu.
Gamane tikus clurut lan rase: ganda.
Gamane ula: wisa.
Gamane warak (badhak: cula.
Gamane yuyu lan kepithing: gapit

sumber: http://ubaidillah88.blogspot.com/2014/09/arane-gaman-kewan.html

arane isi

Isi  Asem: Klungsu
Isi  Cipir: Botor
Isi  Duren: Pongge
Isi  Jambe: Jebug
Isi  Kapas: Wuku
Isi  Kates: Trempos
Isi  Kluwek: Pocung
Isi  Kluweh: Bethem
Isi  Kesambi: Kecacil
Isi  Mlinjo: Klantak
Isi  Nangka: Beton
Isi  Pelem: Pelok
Isi  Randhu: Klenteng
Isi  Salak: Kentos
Isi  Sawo: Kecik
Isi  Semangka: Kuwaci

sumber: http://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/kawruh-bahasa-jawa/arane-wit-penthil-lan-woh/

arane woh


Woh  aren    : kolang-kaling
Woh  bengkoang   : besusu
Woh  cengkeh    :  polong
Woh  gembang    :  krandhing
Woh  gembili    :  katak
Woh  jati             :  janggleng
Woh  kanthil   :  gendhek
Woh  kelor   :  klenthang
Woh  kesambi     :  kecacil
Woh  kluwak   :  pocung
Woh  pandhan eri :  padhaga
Woh  so              :  mlinjo
Woh  tal              :  siwalan
Woh  turi            :  klentang
Woh  uwi            :  katak
Woh  widara putih :  anyang

sumber:http://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/kawruh-bahasa-jawa/arane-wit-penthil-lan-woh/

arane pentil

Pentil  asem:  cempaluk
Pentil  jagung:  janter
Pentil  jambe:  bleber
Pentil  jambu:  karuk
Pentil  kacang:  besengut
Pentil  krambil:  blubuk
Pentil  manggis:  blibar
Pentil  nangka:  babal
Pentil  pelem:  pencit
Pentil  randhu:  plencing
Pentil  semangka:  plonco
Pentil  so:  kroto
Pentil  timun:  serit


sumber: http://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/kawruh-bahasa-jawa/arane-wit-penthil-lan-woh/

arane wit


  1. Wit  aren          : ruyung
  2. Wit  gedhang    : debog
  3. Wit  jagung : tebon
  4. Wit  jambe : pucang
  5. Wit  jati enom : jangglengan
  6. Wit  kacang   : rendeng
  7. Wit  kapuk : randhu
  8. Wit  krambil : glugu
  9. Wit  mlinjo : so, bego
  10. Wit  pari           : damen
  11. Wit  pohung     : bonggol
  12. Wit  pring enom : arane:  bung
  13. Wit  pring tuwa : bungkilan
  14. Wit  siwalan :  tal
  15. Wit  telo         :  lung
sumber:http://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/kawruh-bahasa-jawa/arane-wit-penthil-lan-woh/

arane omah kewan


  1. omah jaran / kuda : Gedhongan
  2. omah manuk / burung : Gowok / bolongan neng wit ( lobang besar pada pohon )
  3. omah raja kaya ( kebo, sapi, wedus, dll ) : Kandhang
  4. omah pitik / ayam : Kombong
  5. omah macan / harimau : Krangkeng
  6. omah dara / burung dara : Pagupon
  7. omah manuk mangsa ngendhog / burung saat bertelor : Susuh
  8. omah tawon / lebah : Tala
  9. kanggo ngingu iwak / untuk beternak ikan : Tambak / Blumbang

sumber: http://kidemangsodron78.wordpress.com/2012/05/12/arane-keturunan-lan-panggonan-kewan/

swarane kewan


  1. Swarane Asu = Njeguk
  2. Swarane Banyak = Pating Krengah
  3. Swarane Babon = Petok Petok
  4. Swarane Bebek = Kwek Kwek
  5. Swarane Cecak = Ngecek
  6. Swarane Dara = Mbekur
  7. Swarane Gareng = Ngrengeng pung
  8. Swarane Gajah = Ngempret
  9. Swarane Gangsir = Ngethir
  10. Swarane Gemak = Ngelung
  11. Swarane Jaran = Mbeker
  12. Swarane Jangkrik = Ngerik
  13. Swarane Jago = Kluruk
  14. Swarane Lamuk = Nging Nging
  15. Swarane Macan = Mbaung
  16. Swarane Merak = Nyengungong
  17. Swarane Menco = Ngoceh
  18. Swarane Sapi = Mbengah
  19. Swarane Tikus = Cit Cit
  20. Swarane Singo = Nggero
  21. Swarane Ulo = Ngeses
  22. Swarane Wedhus = Ngembek
  23. Swarane Jalak Ngoceh
  24. Swarane Kebo = Ngowek
  25. Swarane Kethek = Mere
  26. Swarane Kidang = Mbekik
  27. Swarane Kombang = Mbrengengeng
  28.  Swarane Kodhok = Ngorek
  29. Swarane Kuthuk = Ngiyik Ngiyik
  30. Swarane Kucing = Ngeong
  31. Swarane Kitilang = Ngoceh
  32. Swarane Kutut = Manggung
sumber: http://intisari-wongjawa.blogspot.com/2012/02/araning-swarane-kewan-sebutan-atau.html

arane anak kewan

anak ampal : embung

anak angrang : kroto

anak asu : kirik

anak ayam (pitik) : kuthuk

anak babi : gembluk

anak bandeng : nener

anak bantheng : wareng

anak banyak : blengur

anak baya : rete

anak bebek : meri

anak bethik : menter

anak blanak : sendha

anak brati : tongki

anak budheng : kowe

anak bulus : ketul

anak cacing : lur

anak cecak : sawiyah

anak celeng : genjik

anak coro : mendhet

anak dara : piyik

anak dhorang : tamper

anak emprit : indhil

anak gagak : engkak

anak gajah : bledug

anak gangsir : clondho

anak garangan : rase

anak garengpung : drungkuk

anak gemak : drigul

anak glathik : cecrekan

anak gundhik : laron/rayap

anak iwak : beyong

anak jangkrik : gendholo

anak jaran : belo

anak kadhal : tobil

anak kakap : caplak

anak kalajengking : ketupa

anak kancil : kenthi

anak kebo : gudel

anak kecapung : jenthit

anak kemangga : ceriwi

anak kepik : mreki

anak kidang : kompreng

anak kimar : kedah

anak kinjeng : senggutru

anak kinjeng dom : undur-undur

anak kintel : kentus

anak kethek : munyuk/kenyung

anak kodhok : precil

anak kombang : engkuk

anak konang : endrak

anak kremi : racek

anak kucing : cemeng

anak kul/keyong : krikik

anak kupu : uler

anak kura : laos

anak kuthuk : kotesan

anak kwangwung : gendhot

anak laler : set/singgat

anak lamuk : jenthik

anak lawa : kampret

anak lele : jabrisan

anak lemut : uget-uget

anak lintah : pacet

anak lisang : beles
anak lodan : jengkelong
anak lutung : kenyung
anak luwak : kuwuk
anak luwing : gonggo
anak macan : gogor
anak manuk : piyik
anak menjangan : kompreng
anak menthok : minthi
anak merak : uncung
anak nyamblik : slira
anak pe : genyong
anak pleting : jaringan
anak sapi : pedhet
anak sembilang : lenger
anak singa : dibal
anak tambra : bokol
anak tawon : gana
anak tekek : celolo
anak tikus : cindhil
anak tongkol : cengkik
anak tumo : kor
anak ula : kisi/ucet
anak urang : grago
anak wader : sriwat
anak wagal : jendhil
anak walang : dhogol
anak warak : plenging
anak wedhus : cempe
anak welut : udhet
anak yuyu : beyes



sumber: http://trianjarpriyanta.wordpress.com/2012/10/12/arane-anak-kewan/

arane godhong


  1. Godhong Asem : Sinom
  2. Godhong Aren : Dliring
  3. Godhong Cocor bebek : Tiba urip
  4. Godhong Dhadhap : Tawa
  5. Godhong Gebang : Kajang
  6. Godhong Gedhang enom : Pupus
  7. Godhong Gedhang tuwa : Ujungan
  8. Godhong Gedhang garing : Klaras
  9. Godhong Jati : Jompong
  10. Godhong Jambe : Dedel/Pracat
  11. Godhong Jarak : Bledheg
  12. Godhong Kates : Gampleng
  13. Godhong Kluwih : Kleyang
  14. Godhong Kacang brol : Rendheng
  15. Godhong Kacang lanjaran : Lembayung
  16. Godhong Kelor : Sewu
  17. Godhong Krambil enom : Janur
  18. Godhong Krambil tuwa : Blarak
  19. Godhong Lombok : Sabrang
  20. Godhong Lempuyang : lirih
  21. Godhong Mlinjo : So
  22. Godhong Pring : Elarmanyura
  23. Godhong Pari : Damen
  24. Godhong Randhu : Baladhewa
  25. Godhong Siwalan : Lontar
  26. Godhong Tela : Jlegor
  27. Godhong Tales : Lumbu
  28. Godhong Turi : Pethuk
  29. Godhong Tebu teles : Momol
  30. Godhong Tebu garing : Rapak
  31. Godhong Waluh : Lomah lamah
sumber : http://sendangmade.blogspot.com/2012/07/arane-godhong-godhongan-lan-kembang.html

arane kembang

Arane Kembang / Nama Bunga
1.Kembang Aren : Dangu
2. Kembang Blutru : Montro
3. Kembang Blimbing : Maya
4. Kembang Cubung : Torong
5. Kembang cengkeh : Polong
6. Kembang Duren : Dlongop
7. Kembang Dhadhap : Celung
8. Kembang Garut : Gremeng
9. kembang Gori : Angkup
10. Kembang Ganyop : Puspanyidra
11. Kembang Gembili : Seneng
12. Kembang Gedhang : Ontong/Tuntut
13. Kembang Jambe : Mayang
14. Kembang Jati : Janggleng
15. Kembang Jagung : Jeprak /Sinuwur
16. Kembang Jambu : Karuk
17. kembang Jengkol : Kecuwis
18. Kembang Jarak : Juwis
19. Kembang Kopi : Blanggreng
20. Kembang Kacang : Besengut
21. Kembang kara : Kepek
22. Kembang Kencur : Sedhet
23. Kembang Kanthil : Gadhing
24. Kembang Kelor : Limaran
25. kembang Kapas : Kadi
26. kembang Kecipir : Cethethet
27. Kembang Kimpul : Pancal
28. Kembang Kluwih : Ontel
29. Kembang krokot : Naknik
30. Kembang Krambil : Manggar
31. kembang Lombok : Menik
32. Kembang Lamtoro : Jedhidhing
33. Kembang Mlinjo : Kroto
34. kembang Nipah : Dongong
35. Kembang Nangka : Babal
36. kembang Pete : Pendul
37. Kembang Pandhan : Pudhak
38. Kembang Pace : Nyreweteh
39. Kembang Pring : Krosak
40. Kembang Pohung : Ingklik
41. Kembang Randhu : Karuk
42. Kembang Salak : Ketheker
43. Kembang suruh : Drenges
44. Kembang Telo : Ingklik
45. kembang Talas : Pancal
46. KembangTebu : Gleges
47. kembang Timun : Montro

sumber: http://renaaanggraini.blogspot.com/2013/01/arane-kembang-nama-bunga.html

Moralitas atau Religius

1. Estining panembah iku sayekti amung Allah.
2. Agama iku ageming aji.
3. Sapa sing kinasih bakal kepilih.
4. Weninging pikir amarga zikir.
5. Manembaha kanthi tulus, supaya lulus.
6. Berkah iku wohing panembah.
7. Pambukaning ati khusyuk iku tawadhuk.
8. Yen kepingin lega pasraha marang Kang Maha Kuasa.
9. Isina ing pakarti ala kareben ora ngisin-isini.
10. Donga iku jiwaning agama.
11. Ikhtiyar iku kudu linambaran sadhar lan sabar.


sumber: https://aguspranbor.wordpress.com/2011/02/16/unen-unen-jawa/

Ing pasrawungan


1. Becik ketitik, ala ketara.

2. Sapa sing salah bakal seleh.

3. Ngundhuh wohing pakarti.

4. Ajining dhiri gumantung kedaling lathi.

5. Ajining salira saka busana.

6. Wewaraha sawise weruh.

7. Kakehan gludhug kurang udan.

8. Wani ngalah luhur wekasane

9. Sing medhit bakal kejepit.

10. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.

11. Disengkuyung supaya enggal rampung.

12.Ojo sok rumongso biso,nanging bisoho ngrumangsani


sumber: https://aguspranbor.wordpress.com/2011/02/16/unen-unen-jawa/

Urip iku


  1.  Urip iku Urup: Hidup itu nyala, hendaknya kita memilih hidup yang memberi manfaat bagi orang lain di sekitar kita. Kian besar manfaat yang kita berikan kian baiklah pribadi orang itu. Sangatlah mungkin, filosofi ini merujuk kepada hadis Nabi Muhammad saw yang mengatakan, “Sebaik-baik kalian adalah yang paling bermanfaat bagi orang lain.” 
  2. Memayu Hayuning Bawana, Ambrasta dur Hangkara: Hendaknya setiap manusia mengusahakan keselamatan, kebahagiaan dan kesejahteraan; sekaligus memerangi (memberantas) semua sifat angkara murka, serakah dan tama (rakus)
  3. Sura Dira Jayaningrat, Lebur Dening Pangastuti: Segala sifat keras hati, picik, angkara murka hanya bisa dilebur (dikalahkan) oleh sikap bijak, lembut hati dan sabar;
  4. Ngluruk Tanpa Bala, Menang Tanpa Ngasorake, Sekti Tanpa Aji-Aji, Sugih Tanpa Bandha: Berjuang tanpa perlu membawa massa, Menang tanpa merendahkan atau mempermalukan (pihak yang dikalahkan), berwibawa tanpa mengandalkan kekuasaan/ kekuatan/ kekayaan/ keturunan, kaya tanpa didasari hal-hal yang bersifat kebendaan/materi.
  5. Aja Milik Barang Kang Melok, Aja Mangro Mundak Kendo: Jangan tergiur oleh hal-hal yang tampak mewah, indah, dan jangan plin-plan atau berpikir menduka (terombang-ambing) agar niat dan semangat kita tidak menjadi layu atau kendor; 
  6. Datan Serik Lamun Ketaman, Datan Susah Lamun Kelangan: Jangan terlalu mudah sakit hati ketika ditimpa musibah, jangan susah manakala kehilangan sesuatu;
  7. Aja Gumunan, Aja Getunan, Aja Kagetan, Aja Aleman lan Aja Geleman: Jangan mudah terheran-heran, atau terlalu kagum, jangan mudah menyesal, jangan mudah terkejut dengan sesuatu, jangan mudah manja atau ngambek, dan jangan mau (mengambil) yang bukan hak kita.
  8. Aja Ketungkul Marang Kalungguhan, Kadonyan lan Kemareman: Janganlah terobsesi oleh keinginan merebut kedudukan, kebendaan / materi dan kepuasan duniawi melulu;
  9. Aja Kuminter Mundak Keblinger, Aja Cidra Mundak Cilaka: Jangan merasa paling pandai agar tidak salah arah, jangan curang ayau culas agar tidak celaka; 
  10. Aja Adigang, Adigung, Adiguna: Janganlah sok hebat, sok kuasa, sok besar, sok kaya, atau pun sok sakti dan pintar;
  11. Sapa Weruh ing Panuju sasad Sugih Pager Wesi: Sesiapa yang bercita-cita luhur atau mulia, akan tertuntun jalan hidupnya;
sumber: http://syafiqb.com/2013/10/24/12-falsafah-hidup-pitutur-jawa/

Babagan Awake Dhewe


1. Sing temen bakal tinemu.

2. Sing bener bakal pener.
3. Sing wani bakal dadi.
4. Sing jujur bakal mujur.
5. Sing umuk bakal keblusuk.
6. Waton okol bakal konyol.
7. Ngelumu iku kelakone kanthi laku.
8. Jenang iku wohing geneng, jeneng, lan jumeneng.
9. Tumindak ala lan becik iku kanggo awake dhewe.
10. Aja kuminter mundhak keblinger.

sumber : https://aguspranbor.wordpress.com/2011/02/16/unen-unen-jawa/ 

Selasa, 16 Desember 2014

Tokoh Wayang Mahabarata

1.        Abimanyu
Abimanyu merupakan putra dari Arjuna dan Sembadra. Nama lainnya adalah Angkawijaya, Jaya Murcita, Jaka Pengalasan, Partasuta, Kiriyatmaja, Sumbadra Atmaja, Wanudara, dan Wirabatana.

2.        Abiyasa
Abiyasa adalah kakek Pandhawa dan Kurawa. Ayah dari Begawan Abiyasa adalah Begawan Palasara, pertapan dari gunung Rahtawu. Dan ibunya adalah Durgandini, yang meninggalkannya sejak masih bayi.

3.        Antareja
Antareja atau dikenal juga dengan nama Anatareja, anak sulung dari Bima dan Nagagini. Antareja tidak tinggal bersama ayahnya melainkan bersama kakeknya Sang Hyang Antaboga di kayangan Saptapratala.
Anantareja memiliki kesaktian yang tiada batas, semburan ludahnya mengandung bisa yang bisa membunuh siapa saja yang terkena ludahnya. Selain itu tanah bekas telapak kaki orang yang dijilatinya akan menyebabkan si empunya tapak akan meninggal seketika.  
Antareja memiliki sifat dan perwatakan jujur, pendiam, sangat berbakti kepada yang lebih tua, sayang kepada yang muda, rela berkorban dan sangat percaya kepada Sang Pencipta. Antareja berkulit napakawaca, sehingga kebal terhadap senjata. Ia juga memiliki cincin mustika bumi, yang memiliki kesaktian hingga bisa menghidupkan kembali orang yang sudah meninggal dunia. Cincin ini adalah pemberian ibunya. Selain itu kesaktian Antareja adalah dapat hidup dan dapat berjalan di dalam bumi.

4.        Antasena
Antasena dan Antareja adalah pengisahan dua karekter yang berbeda, walaupun kedua-duanya diciptakan sebagai sosok pencari makna kehidupan sejati, tetapi nuansa tingkah laku mereka sangat berbeda. Ada yang mengatakan bahwa Antasena adalah adik Antareja dari lain ibu. Ibunya adalah Urangayu putri Begawan Mintuna.
Sosok Antasena merupakan penggambaran dari seorang sufi dan tidak memandang dunia lagi. Antasena dikesankan sebagai angin-anginan yang sudah tidak mementingkan kepentingan dunia lagi.

5.        Arimbi
Arimbi adalah istri kedua Bima, kemudian melahirkan Gatotkaca. Arimbi adalah seorang raksasa perempuan, dan merupakan anak kedua Prabu Trembaka. Kakak sulungnya bernama Arimba.

6.        Arjuna
Arjuna adalah ksatria yang gemar bertapa dan berkelana. Arjuna memiliki sifat cerdik, pandai, pendiam, teliti, sopan, pemberani, dan suka melindungi yang lemah. Pusaka-pusaka Arjuna antara lain: Gendewa (dari Bathara Indra), panah Ardadadali (dari Bathara Kuwera), panah Cundamanik (dar Bathara Narada).

7.        Baladewa
Baladewa adalah saudara Kresna. Waktu muda bernama Kakrasana, putra Prabu Basudewa, raja negara Mandura dengan permaisuri Mahendra atau Maekah. Baladewa mempunyai saudara lain ibu yaitu Arya Udawa.
Baladewa digambarkan dengan kulit putih, senjatanya adalah bajak dan gada. Secara tradisional Baladewa dilukiskan memakai pakaian biru dan kalung dari rangkaian bunga hutan.  Rambutnya diikat pada jambul, memakai giwang dan gelang.
Baladewa berwatak keras hati, mudah naik darah, tapi pemaaf dan bijaksana.

8.        Bima
Nama lain dari Bima adalah Werkudara yang artinya perut srigala. Nama lain dari Bima adalah Bimasena. Bima memiliki sifat gagah berani, kuat, tabah, patuh, jujur, serta menganggap semua orang sama.

9.        Bisma
Bisma adalah anak dari raja Santanu. Waktu kecil Bisma bernama Ganggadata. Bisma adalah seorang Brahmacirin. Berdiam di pertapan Talkandha. Bisma adalah seorang yang sakti yang tidak gila akan takhta demi kebahagiaan sang ayah.

10.    Burisrawa
Burisrawa adalah putra Prabu Salya di Madraka, bermuka raksasa. Burisrawa bertabiat kasar dan suka tertawa. Burisrawa digambarkan bermata telengan putih, hidung bentuk haluan perahu, bergusi, muka agak mendongak.

11.    Cakil
Cakil adalah seorang raksasa dengan rahang bawah yang lebih panjang daripada rahang atas. Tokoh ini humoris. Cakil melambang tokoh yang antang menyerah dan selalu berjuang hingga titik darah penghabisan.

12.    Drona
Drona dilahirkan dari keluarga brahmana, putra dari Bharadwaja.

13.    Drupadi
Drupadi adalah anak yang lahir dari hasil Putrakama Yadnya, yaitu ritual memohon anak dalam kisah mahabarata.  

14.    Duryudana
Duryudana adalah putra Prabu Destarasta di Hastinapura. Ia adalah Kurawa yang paling tua. Bentuknya adalah bermata telengan, hidung dempak, berjamang tiga susun dengan garuda membelakang besar, berpraba. Berkalung ulur-ulur. Bergelang, berpontoh dan berkeroncong. Kain bokongan kerajaan. Batik kain parang rusak barong, tanda kain pakaian bangsawan agung.

15.    Gatotkaca
Gatotkaca adalah anak dari Arimbi. Gatotkaca adalah seorang ksatriya dari kerajaan Pringgodani. Berkulit dan berbadan baja. Memiliki kotang antakusuma yang bisa membuat ia terbang.

16.    Karna
Karna adalah nama lain  dari raja Angga yang merupakan tokoh antagonis dalam cerita Mahabarata. Karna adalah pendukung panglima perang pihak Kurawa. Karna merupakan kakak tertua dari tiga di antara lima Pandawa (Yudistira, Bima, dan Arjuna).  Karna adalah pahlawan yang memiliki sifat kompleks. Ia sangat menjunjung nilai-nilai ksatria. Sifatnya angkuh, sombong, suka membanggakan diri, dan dermawan. Karna adalah anak pertama Kunti.

17.    Kresna
Kresna atau Krisna atau biasa disebut juga Narayana. Kresna berasal dari kerajaan Surasena, kemudian ia mendirikan kerajaan sendiri bernama Dwakara. Kresna berasal dari keluarga bangsawan di Mathura, dan merupakan putera kedelapan yang lahir dari putri Bewaki, dan suaminya Basudewa. Kresna merupakan sepupu dari Pandawa dan Kurawa.

18.    Kunti
Kunti adalah putri dari Surasena dari wangsa Yadawa dan saat bayi ia diberi nama Perta.

19.    Nakula
Nakula dan Sadewa adalah kembar pandawa yang memiliki keistimewaan dalam merawat kuda dan sapi.  Nakula digambarkan sebagai orang yang dapat menghibur hati. Ia juga teliti dalam melaksanakan tugas dan selalu mengawasi kenakalan Bima, kakaknya. Nakula memiliki kemahiran dalam memainkan senjata atau pedang.

20.    Pandu
Ayah Pandu adalah Wicitrawirya dan ibunya adalah Ambalika. Pandu adalah pemanah yang mahir. Ia memimpin tentara Dretarasta. Kemudian Pandu menikah dengan Dewi Kunti.

21.    Parikesit
Parikesit adalah anak dari pandu. Parikesit merupakan yatim piatu, karena ketika ayahnya gugur di medan perang Baratayuda, dia masih berada dalam kandungan ibunya. Ia berwatak jujur, bijaksana, dan adil.

22.    Sadewa
Sadewa adalah putra termuda  di antara para Pandawa. Ibunya bernama Dewi Madrim. Sadewa merupakan ahli perbintangan yang ulung dan mampu mengetahui kejadian yang akan datang.

23.    Sengkuni
Sengkuni adalah tokoh antagonis dalam cerita pewayangan, paman dari pihak Kurawa dan selalu menghasut Kurawa untuk memusuhi Pandawa. Sengkuni adalah patih yang diangkat oleh Kurawa ketika ia menguasai Hastina. Sengkuni merupakan tokoh yang licik.

24.    Santanu
Sanatanu merupakan putra dari pasangan raja Pratipa dengan ratu Sunanda, keturunan raja Kuru. Prabu Santanu sangat tampan dan amat cakap dalam memainkan senjata dan senang berburu ke hutan.

25.    Srikandi
Srikandi adalah nama lain dari Amba yang ditolak menikah oleh Bisma. Orang tuanya yaitu Prabu Drupada dan Gandawati.  Srikandi gemar dalam keprajuritan dan mahir memainkan panah.

26.    Subadra
Subadra lahir sebagai putri bungsu dari pasangan Basudewa dan Rohini. Subadra adalah wanita tercantik di Mayapada. Subadra dilahirkan setelah Kresna dan Basudewa.

27.    Wisanggeni
Wisanggeni adalah putra dari Arjuna. Wisanggeni adalah tokoh yang tegas dalam bersikap, serta memiliki kesaktian yang luar biasa.

28.    Yudhistira


Puntadewa adalah nama lain dari Yudhistira. Ia mempunyai sifat adil, sabar, jujur, taat kepada agama. Senjatanya adalah Jamus Kalimasada berupa kitab, dan Tunggulnaga berupa payung.


sumber: 
Haryanto. S., 1988, Pratiwimba Abdhiluhung, Sejarah dan Perkembangan Wayang. Penerbit Djambatan, Jakarta.

Tokoh Wayang Ramayana

1.        Anggada
Anggada adalah seorang tokoh wayang dalam cerita Ramayana. Ayah Anggada bernama Subali, dan ibunya bernama Tara, seorang bidadari. Paman Anggada bernama Sugriwa.Wujudnya yaitu kera berbulu merah dan wanara muda yang sangat tangkas adan gesit. Dalam kitab Ramayana, disebutkan bahwa ia dapat melompat sejauh sembilan ratus mil. Anggada adalah anak buah dari Rama.

2.        Anjani
Anjani adalah putri sulung Begawan Gotama dari pertapaan Gratina di gunung Sukendra, ayah yang sebenarnya adalah Bathara Surya. Ibunya adalah seorang bidadari bernama Indradi atau Windradi. Adiknya dua laki-laki semua, bernama Subali (Guwarsa) dan Sugriwa (Guwarsi). Peristiwa Cupumanik Astagina, merubah wujud Anjani yang semula adalah seorang yang cantik, kemudian berubah menjadi wanita berwajah kera.

3.        Dasarata
Dasarata adalah seorang raja keturunan Ikswasu dan berada dalam golongan Raghuwangsa atau diansti Surya.

4.        Hanoman
Hanoman atau hanuman berwujud kera putih, tetapi dia dapat berbicara dan beradat istiadat seperti manusia. Hanoman adalah putra Bathara Guru dengan Anjani. Ia mendapat anugerah Cupumanik Astagina, ditakdirkan berumur panjang, hidup zaman Ramayana sampai zaman Mahabarata bahkan sampai awal atau memasuki zaman Madya. Hanoman memiliki beberapa kesaktian. Ia dapat bertiwikrama, memiliki aji Sepiangin (dari Bathara Bayu), aji pameling (dari Bathara Wisnu), dan aji Mundri (dari Resi Subali).
Tata pakaiannya melambangkan kebesaran antara lain: pupuk Jarotasem Ngrawit, gelung Minagkara, kerat bahu Sigar Blibar, kampuh atau kain poleng berwarna hitam, merah dan putih, gelang atau binggel Candramurti, dan ikat pinggang Akar Mimang.
Hanoman juga dikenal dengan nama Anjanipura (putra Dewi Anjani), Bayurada (putra Bathara Bayu), Bayusiwi, Guruputra (putra Bathara Guru), Handayapati (berkekuatan sangat besar), Yudawisma (panglima perang), Haruta (angin), Maruti, Palwagesata (kera putih), Prabancana, Ramandayapati (putra angkat Rama), Senggana (panglima perang), Suwiyuswa (panjang usia), dan Mayangkara (roh suci, gelar setelah menjadi pendeta di Kendalisada).

5.        Indrajit
Menurut versi Jawa, Indrajit bukan putra kandung Rahwana, melainkan hasil ciptaan Wibisana.


6.        Jatayu
Jatayu adalah putra dari Aruna dan keponakan dari Garuda. Jatayu adalah seekor burung yang melihat kejadian penculikan Sinta oleh Rahwana.


7.        Kumbakarna
Kumbakarna adalah saudara kandung Rahwana, raksasa dari Alengka. Kumbakarna adalah seorang raksasa yang sangat tinggi dan berwajah mengerikan, tetapi bersifat perwira dan sering menyadarkan perbuatan kakaknya yang salah. Kelemahannya adalah tiduer selama enam bulan, selama menjalani masa tidur dia tidak akan mengerahkan semua kekuatannya. Ayah Kumbakarna adalah Wisrawa dan ibunya bernama Sukesi.


8.        Laksamana
Laksmana adalah putra Raja Dasarata dan merupakan adik tiri dari Rama. 


9.        Lembusura dan Maesasura
Lembusura adalah saudara Maesasura. Lembusura berbadan manusia besar dan berkepala sapi.  Sedangkan Maesasura adalah seorang manusia besar seperti raksasa berkepala kerbau. Lembusura dan Maesasura sejak kecil gemar bertapa untuk mencari ilmu kesaktian. Salah satu guru mereka yang terkenal adalah Begawan Wisalodra.


10.    Rahwana
Rahwana adalah anak dari Sukesi dan Wisrawa. Rahwana lahir dengan kepribadian setengah brahmana dan setengah raksasa. Rahwana terkenal sebagai penakluk tiga dunia, sekaligus penakhluk wanita. Rahwana memiliki banyak istri, yang paling terkenal adalah Mandodari, putera Mayasura dengan Hema, seorang bidadari.


11.    Rama
Rama adalah putra dari raja Dasarata dengan Kosalya.


12.    Satrugna
Satrugna adalah putra bungsu dari raja Dasarata dengan Sumitra. Laksmana adalah saudara kembarnya.

13.    Sinta
Ramayana menyebutkan bahwa Sinta bukan anak kandung Janaka, tetapi ia adalah anak angkat Janaka. Sinta dibesarkan di istana Mithila di kota Wideha oleh Janaka dan Sunayana, permaisurinya.


14.    Subali
Nama Subali berasal dari bahasa Sansekerta yaitu “bala” berarti rambut. Konon ia dilahirkan dari rambut ibunya sehingga ia dinamakan Subali. Subali menjadi raja bangsa wanara di kerajaan Kiskenda, sedangkan Sugriwa bertindak sebagai wakilnya.
Menurut versi Ramayana, Subali dan Sugriwa adalah sepasang wanara kembar yang dilahirkan oleh seorang ibu, tetapi berbeda ayah. Keduanya sama-sama putra dewa. Subali adalah putra Indra, sedangkan Sugriwa adalah putra Surya.
Menurut versi asli pewayangan Jawa, Subal dan Sugriwa mulanya terlahir sebagai manusia normal.  Keduanya masing-masing bernama Guwarsa dan Guwarsi, memiliki kakak perempuan bernama Anjani.  Ketiganya merupakan anak dari resi Gotama dan dewi Indradi yang tinggal di pertapan Agrastina.


15.    Sugriwa
Sugriwa adalah tokoh protagonis dalam Ramayana. Ia adalah seorang raja kera dan merupakan seekor wanara. Tinggal di kerajaan Kiskenda bersama kakaknya, Subali. Ia adalah teman Rama, dan membantu memerangi Rahwana dalam memperebutkan Sinta.


16.    Sumali
Sumali adalah kakek Rahwana. Sumali memiliki kakak bernama Mali dan adik bernama Maliyawan. Ketiganya mendapat anugerah mendapatkan kekuatan yang luar biasa, akan tetapi disalahgunakan. Akhirnya mereka dikalahkan oleh Dewa Wisnu adan diusir dari kerajaan Alengka.
    

Sumber:
Haryanto. S., 1988, Pratiwimba Abdhiluhung, Sejarah dan Perkembangan Wayang. Penerbit Djambatan, Jakarta.

Minggu, 14 Desember 2014

Cakar

Cerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
http://seindahsenja.wordpress.com/

Tukang angkringan siji iki pancen keren tenan. Ora maido karo rupane. Apa mula ngono, banjur dandanane mlipis kaya wong kantoran. Apa merga nyandange rapi banjur katon rupane bagus. Embuh. Bakune, saben-saben kok tansah rapi. Klambi dilebokake, setlikan alus, nganggo sepatu, sing tansaha elek nanging katon cemleret, resik. Wingi aku mrene, pas arep mbayar, nyedhaki dheweke, ambune wangi-wangi sithik. Pancen, nyenengake kang padha jajan ana ing angkringane. Rikala wingi aku mangan ana ing papan kene, tak takoni, jare badhine lumayan, kena kanggo nyekolahake anake kang loro cacahe.


Wengi iki aku mrene maneh. Sasi tuwa ngene bisane mangan mung ana ing angkringan. Sanajan segane sethithik, mangan rong wungkus wis kena dienggo sangu turu. Menawa mangan kaya ngene iki ing wayah esuk, srengege munggah urung tekan tengah mbokmenawa aku wis semaput. Sega sekepel dirubung tinggi, ya iki. Segane angkringan dilawuhi irisan tempe sacumit. Mbrenik cilik-cilik. Sanajan lawuhe mung tinggi… eh, tempe, nanging krasa enak, apa sebab wetenge lagi rumangsa luwe, embuh. Sing penting bengi iki wetengku isih kelebon pangan. Sesuk esuk sarapane wae sing rada bedha.


Arep njupuk cakar apa endhas pithik, sesuk gek aku ora oleh pangan. Sangune ora tekan nggonan. Rak cilaka. Isih untung menawa oleh utangan. Bisa kena dienggo lantaran panguripan. Lha kanca-kancaku amung padha. Padha-padha ora dhuwe dhuwit. Mengko malah mundhak bingung golek uwong sing gelem aweh utangan. Dadi wurung wae anggonku pepinginan. Wong mung arep turu.


Ceck Ceck Ceck…, wingi, aku mrene sedhelo, tak pikir sing lagi padha mangan kuwi rombongan seka adoh kang mampir. Lagi piknik, lan kepingin ngrasakake mangan ana ing angkringan. Menawa wae ora ana angkringan nang kuthane. Nanging dudu. Iki sing teka padha wae. Rame. Rombongan. Lha, jebul sing jajan ana angkringan kene pancen bedha. Gumun tenan aku. Wah wah wah, elok tenan, padha mobilan. Paling ora, sepeda motoran. Rombong-rombongan. Loro, telu, paling akeh pitu


Sing mudun saka mobil kok ya ayu-ayu, dandanan wadon jaman saiki. Kancanane uga bagus-bagus, sandangane pada alus lan ambune wangi, kaya sandangan sing dikumbahke karo londri-londri kae. Aku ora tau mlebu londri, nanging menawa liwat kae, ambune tekan ngendi-ngendi. Ora ngerti, sandhangan reget kok nganti dikumbahke. Terus saben dinane kuwi, gaweane ngapa?


Sajakke dudu mahasiswa. Nanging kok umur-umurane bocah sekolahan. Adoh saka rerupan mahasiswa sing biasane nyambangi angkringan sasi-sasi tuwa ngene. Biasane, sasi tuwa ngene bocah kuliahan padha kenthekan sangu. Menawa tanggal enom olehe memanganan enak-enak. Mengko, menawa tanggal tuwa, sangune kari sithik, kapeksa nyegah pepinginan, olehe memanganan ora dumeh pingin maneh. Banjur mangane padha nang angkringan. Lumrahe ngono.


He he he, aku dadi kelingan awakku dewe sing lagi kere. Proyek, bayarane kok ora genah. Jare dibayar minggon, iki wis telung minggu urung oleh bayaran. Pemboronge ra ngerti pa, aku ya kudu kirim dhuwit kanggo mangan anak bojo. Isih untung anak bojo omahe nang ndeso. Manawa duwite enthek, isih bisa memanganan arepo mung lawuh janganan saka kebonan. Walah walah…Iki kok dadi aku grundelan dewe.


Kae, ana sing teka maneh. Lanang wadon karo bocah cilik. Bocahe cilik semrinthil, ora duwe wedi. Kaya-kaya wis biasane teko ana angkringan kene. Lha, kendhel tenan bocah kuwi. Langsung mlayu ndisiki bapak ibune nyedhak marang tukang angkring. Lho lho lho, langsung njupuk piring banjur njupuki jajanan siji-siji. E… lha, cakare olehe njupuk kok ya ora siji, loro… njupuke kok ya lima. Apa ya enthek kuwi mengko. “Om, Om, es jeruk ya Om,” patembunge banjur mlayu rindhik lungguh ana lesehan kan wus sumadya. Gedhek-gedhek aku ndeleng bocah kuwi mau.


Bapak ibune nyedhak marang angkringan. Sing wadon njupuk sega wungkusan papat. Dicekel ana tangane kiwa. ”Pak, piringe pundi nggih.”


“O, menika Bu, nembe pun betha saking wingking,” banjur diulungake piring kuwi mau dening si tukang angkringan. Aku ya mung gedhek-gedhek ngerteni si ibu njupuk gorengan papat, sate puyuh papat, banjur njupuk cakar. Aku melu ngitung, cacahe jebul rongpuluh. Wayah bapak ibu kuwi mau lagi teka banjur lungguh ana lesehan, tak kira jajanan kuwi mau ora arep dipangan kabeh. Mengko njaluk diwungkus digawa mulih kanggo oleh-oleh. Mau njupuk dhisik amarga mengko mundhak ora kumanan.


Lha kok enthek, dipangan pawongan loro. Bareng tak gathekke kiwa tengen, lan sing padha lagi wae teka, njupukke cakar jebul ya akeh-akeh. Njupuke cakar, jebul ya rong puluh, nek rombongane papat apa lima ya njupuke bisa seket kepara seket lima. Gendheng tenan aku iki, lha kok melu ngitungi wong padha jajan. Melu ngitungi wong padha memanganan.


Aku ngguyu dhewe. Menawa ana sing nggatekke kepara wedi paling. Sajak-sajakke wong ora genep. Ora waras. Dhewe-dhewe sajak cengengesan. Tak banding-bandingake, arepa nang angkringan, wis ora bisa diarani sega dirubung tinggi maneh. Cakar gedhe-gedhe ngono rak ya ora bisa dipadhakake karo tinggi. Tinggine kok gedhe banget. Lha ora pener. Nanging ya aku mumet nek kon golek, apa ya arane…, bebasan, apa paribasan, apa wangsalan. Aku ora kelingan. Iku pelajaran wayah aku SD. Menawa dibalik krasa lucu tur wagu, kepara malah salah, dadi ujaran kang ora mungkin, sega ngrubung tinggi.


Sing tak kira bocah sekolahan, bocah kuliahan, tak rungok-rungokake olehe padha guneman ya ora ngomongake sekolahan, kuliahan. Ora ngomongake skripsi. Babar blas. Tembung dosen, apa tugas, apa sing ana gegandengane karo kuliahan ora kocap. Dadi menawane ya dudu bocah kuliahan.


Sing sisih kulon kae lumrah, wis bebojoan. Dhuwe anak. Katon nanggapi anake sing lagi cerita bab kanca-kancane sing nakal wayah neng sekolahan kang oleh paukumam saka gurune. Jare ana kancane sing diukum, dithuthuk tangane ngganggo garisan karo gurune. Manut critane, gurune pancen rada galak. Bapak ibune manthuk-manthuk nggathekake criwise anake. Sinambi ora leren anggone memanganan. Barang cakar rong puluh. Mangane sepuluh-sepuluh.


 Mangane sajak enak tenan. Apa pancen olehe masak enak, apa wong-wong sing jajan nang kene pancen seneng mangan cakar. Ndilalah dhuwitku kok ya mepet tenan. Menawa isih kena ngono, tak belani ngrasakake cakar siji wae. Aku yen wis ngerti rasane, wis ora kakean pitakonan. Wis marem. Sesuk kapan-kapan menawa aku bayaran, tak coba mangan cakar nang kene. Paling padha wae.


Rombongan sisih lor katon gumyak banget. Bocah lima. Lanang telu, wadon loro. Pas teko, aku melu ngitung njupuke cakar seket lima. Isih tambah neko-neko. Tambah gorengan, tambah krupuk, lan embuh apa wae mau. Ngguyune kok ya cekakakan. Lali ana wong liya akeh nang kiwa tengene. Nanging tak deleng-deleng wong-wong ya ora kaget. Biasa wae. Ora keganggu karo ngguyu kang sepuluh meter saka kene tak kira isih rungu kuwi mau.


“He, Boby Setu wingi sida ngajak Nency. Apa gelem dheweke kowe sing ngajak dolan.”


“Jelas, sida. Kowe, pancen kok. Nyepelekake tenan karo aku. Sapa tha, Boby. ngendi ana sing nolak diajak Boby dolan, he he he..”


“Terus. Terus piye ceritane. Edan tenan kok kowe ki. Si Nency kuwi ya gelem kok ajak jejogetan?”


“Mulane sajak wegah-wegaha kae. Jare isin, ora isa joget. Nanging, suwe-suwe, tak bujuki terus, lan ngerteni wong kiwa tengene ra bakal nggatekake, akhire ya gelem joget. Malah jogete, wuisss… edan tenan. Kapan-kapan wae ajaken. Mesthi gelem. Ngomong wae kancane Boby. Mengko nang kana ketemu Boby. Menawa kowe ngomong ngono mengko rak wonge gelem.”


“ Kowe pancen T.O.P. B.G.T kok Bob. Top banget, ha ha ha ha…”


Lha dalah, ngomongake apa kae. Aku ora mudeng.


Ora krasa olehku mangan sega rong wungkus wis rampung. Biasane malah ora suwi ngene iki. Mangan, ya mangan wae. Telap telep rampung. Iki mau olehku mangan sajak suwi. Kegawa karo kahanan. Guluku kok ya seret ngene. Waduh ora pesen ngombe. Arep njaluk wedang putih mengko gek ora oleh. Luwung bali wae.


“Pinten mas kula, niki segane wau kalih”


“Niki nggih mas, nuwun.


Aku banjur mlayu mak plencing ora nggagas semaure tukang angkringan. Wong aku wis apal regane.



Cerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan

http://seindahsenja.wordpress.com/
http://tempeopotahu.blogspot.com/2014/04/cerpen-bahasa-jawa-cakar.html