Minggu, 11 Januari 2015

Bapak -- Didi Kempot


sumber: https://www.youtube.com/watch?v=npfDxOdxN4w

Aksara Swara Jawa



sumber: http://hanifrahma.blogspot.com/2013/11/aksara-swara.html

tembang moneng

tata mbedhayani ing gumuyune jagat
nggaya tarutala ngalor ngidul ngetan ngulon
uswasane siti uga milangoni driya
nadyan sandhingane watu-watu cilik

kajejer akeh,
wisma nedra gumawe saka atosing kayu
kang dikrubuti wilising terpal
ngarepe ora liya yo akeh krikile

unyane kukila dadi pambukane dina
nora amung iku
nanging unyane kencrung iku, ca
kang dadi pambukane dina

kaseksen birune diyata
dai pambukane memitra
nadyan ratane nora rata

ca,
wayah angga priyangga
ingwang moneng sliramu
sliramu kang adoh saka soca
nanging mapan ing ceraking driya

gojegmu,
esemmu,
tutur,
lan pituturmu
isih tarwaca ing jumantanaku

ca,                                     
amung nunut wursita
ingwang moneng mapan ing sandhingmu,
ungina sliramu,
lan ayem ing wismamu

ca,
bisa mrebes nalika menget
netra ing warih sajroning riris
ngrerepi ing wayah rina
lan mlaku bareng ing mayaning jagat

ca,
udrasaku mring sliramu
amung bisa mangajab
mugaha bisa temu sliramu
kang gawe wernaning dina



Boyolali, 5 Mei 2014

Tanda Baca Aksara Jawa





sumber: http://kampoengdjava.blogspot.com/2013/06/bentuk-aksara-jawa-belajar-aksara-jawa.html

Angka Jawa










https://myinsthink.wordpress.com/2010/08/03/144/

Aksara Murda lan Pasangan Aksara Murda














http://sylvanans.wordpress.com/culture/hanacaraka/

apa

tan bisa nembung
rasane wuwung  apa malah keduwung
tan kandha nadyan disulaya
amung meneng tan prasaja
ngampet kumembeng luh ing nala

sejatine amung nunut sedhela
dikancani riris kang mbedaya
nanging apa?
amung lumantar kandha
nora dadi nyata

ya amung wursita
nora dadi apa
amung gawe lega


boyolali, 24 agustus 2014 

Senin, 05 Januari 2015

Aksara Rekan dan Pasangan Aksara Rekan














sumber: http://indahnyabahasajawa.blogspot.com/2011/03/aksara-rekan.html

Aksara Sandhangan












sumber: http://itjustmitos.blogspot.com/2013/05/aksara-jawa.html

Aksara Pasangan














sumber: http://senijawakuno.blogspot.com/2012/12/aksara-jawa-angka-dan-pasangan.html

aksara dentawyanjana















sumber: http://podhosinau.blogspot.com/2012/11/pengucapan-dalam-bahasa-jawa.html

Pring Ori

krengkat-krengket swarane
ngalor-ngidul jogete
diampiri kendhangane narmada
agawe ati tentrem tan culika

nyangga urip semut
anggawe nala dadi kepincut
dijak lelungan ya manut
nadyan pungkasane dadi gelut



Banaran, 12 September 2014 

Lungaha

lungaha
yen dunungmu dadya suwung
lungaha
yen tekamu gawe kemrungsung
lungaha
yen pancen gawe nala temlawung
lungaha
lungaha

ra butuh kekudangmu
ra butuh tembungmu

memanis wanda lir gangsing
muter-muter gegawe lingsir

rina wengi kang gawe gingsir
lungaha!
lungaha!


Gunung Pati, 27 September 2014