Tampilkan postingan dengan label wulangreh. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label wulangreh. Tampilkan semua postingan

Jumat, 05 Desember 2014

Pupuh XI Sinom

PUPUH XI
S I N O M

01
Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, 
sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den 
inaa, mring padha padhaning jalmi, sukabungah den ina sapadha-padha.

02
Ingsun uga tan mangkana, baliku kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin 
menek den arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene 
jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.

03
Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, 
lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran 
kojah, suprandene ingsun iki, teko nora nana undaking kabisan. 

04
Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha 
cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa 
kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan. 

05
Nanging padha estokana, pitutur kang muni tu’ia, yen sira nedya raharja, anggone 
pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, 
anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.

06
Lan aja nalimpang padha, mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, 
ngurangi dhahar lan guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene 
kang sinedya, mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas 
enggale tinekan.

07
Hyang sukma pan sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, 
pan iku ujare Dalil, 
nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng 
siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.

08
Panembahan senopatya, kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, 
inggih ingkang Hyang Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih 
tulusing nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga niruwa lelakonira.

09
Mring leluhur kina-kina,  nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira 
nglakoni, cegah turu sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya 
ingkang dingin dingin, aniruwa sapretelon saprapatan. 

10
Pan ana silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka 
sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mana suka ing jronipun, iku den 
sinauwa, lan mati sajroning urip, ingkang kuna pan mangkono kang den gulang.

11
Pamore gusti kawula, punika ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada 
ugi, gampange ta kaki, 
tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari nama tembaga 
tuwin kencana. 

12
Yen aranana  kencana, dene wus awor tembagi, yen aranana tembaga, wus 
kaworan kancanedi, milanya den westani, aran suwasa punika, pamore mas 
tembaga, mulane namane salin, lan rupane sayekti yen warna beda.

13
Cahya abang tuntung jenar,  puniku suwasa murni, kalamun gawe suwasa, 
tembaga kang nora becik,  pambesate tan resik, utawa nom emasipun, iku 
dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan suwasa bubul arane punika.

14
Yen sira karya suwasana, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oliha 
tembaga prusi, biresora kang resik, sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan, 
dhasar sari pasti dadi, iku kena ingaranan suwasa mulya.

15
Puniku mapan upama, tepane badan puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore 
kawula Gusti, sayekti kudu resik, aja katempelan napsu, luwamah lan amarah, 
sarta suci lahir batin, pedimene apan sarira tunggal.

16
Lamun mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena 
den sasabi, ewoh gampang sayekti, punika wong darbe kawruh, gampang yen 
winicara, angel yen durung marengi, ing wetune binuka jroning wardaya.

17
Nanging ta sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas bok pinanggih, den mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga 
bosenan, kalamun arsa udani, apan anadalile kang wus kalawan.

18
Marang leluhur sedaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana, dadi 
ugere rat Jawi, saking telateneki, nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune 
leluhur dingin, andhap asor anggone anamur lampah.

19
Tampane nganggo alingan, pan padha alakutapi, iku kang kinaryo sasap, pamriha 
aja katawis, jub rina lawan kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang 
kanggonan, wahyune karaton Jawi, tinampelan anggape pan kumawula.

20
Punika laku utama, tumindak sarto kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang 
den alingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja ana ninggal lanjaran.

21
Lan maning ana wasiyat,  prasapa kang dingin dingin,  wajib padha kawruhana,
anak putu ingkang kari,  lan aja na kang wani,  nerak wewaleripun,  marang leluhur 
padha, kang minulyakaken ing Widdhi, muga-muga mufaatana ing darah.

22
Wiwitan ingkang prasapa,  Ki Ageng Tarup memaling,  ing satedhak turunira,  tan 
linilan nganggo keris,  miwah waos tan keni,  kang awak waja puniku,  lembu tan 
kena dhahar, daginge pan nora keni, anginguwa marang wong wadon tan kena.

23
Dene Ki ageng Sela,  prasape ingkang tan keni,  ing satedhak turunira,  nyamping 
cindhe den waleri,  kapindhone tan keni,    ing ngarepan nandur waluh,  wohe tan 
kena dhahar, Panembahan Senopati, ingalaga punika ingkang prasapa.

24
Ingkang tedhak turunira, mapan nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih 
dipun waleri, yen nungganga turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar 
ngungkurken lawang,  wuri tan ana nunggoni,
dipun emut punika mesthitan kena. 

25
Jeng Sultan Agung Mataram,  apan nora anglilani,  mring tedhake yen nitiha,   kapal 
bendana yen jurit, 
nganggo waos tan keni,    lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen tan 
bisa nembang kawi, 
pan prayoga satedakesinauwa.

26
Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madek ing 
Kartasura, prasapanira anenggih,  tan linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan 
Prabu Mangkurat, waler mring saturunreki, 
tan rinilan ujung astana ing Betah.

27
Lawan tan kena nganggowa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih 
kuda, kabeh aja na kang lali, lawan aja nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih 
Kang jeng Susunan, Pakubuwana ping kalih, 
mring satedhak turunira linarangan.

28
Dhahar apyun nora kena,  sinerattan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa 
kang padha nglakoni, 
narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa, linabakken 
tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.

29
Prasapa Kangjeng Susunan,  Pakubuwana kaping tri,  mring satedhak turunira,
apan nora den lelani,
ngawe andel ugi,  wong seje ing jinipun,  apan iku linarangan,  anak putu wuri-wuri,
poma aja wani anrajang prasapa. 

30
Wonten waler kaliwatan,  saking luhur dingin dingin,  linarangan angumbaha,  wana 
Krendhawahaneki,  dene kang amaleri,  Sang Danan Jaya rumuhun,  lan malih 
winaleran, kabeh tedhak ing Matawis, yen dolana mring wana tan kena.

31
Dene sesirikanira,  yen tedhak ing Demak nenggih,  mangangge wulung tan kena,
ana kang nyenyirik malih,  bebet lonthang tan keni,  yeku yen tedhak Madiyun,  lan 
paying dadaan abang, tedhak Madura tan keni, yen nganggowa bebathikan parang 
rusak.

32
Yen tedhak Kudus tak kena,  yen dhahara daging sapi,  yen tedhak Sumenep iku,
nora kena ajang piring,  watu tan den lilani,  lawan kidang ul amipun,  tan kena yen 
dhahara, miwah lamun dhahar ugi, nora kena ajang godhong pelasa.

33
Kabeh anak putu padha, eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna,    wewaler 
leluhur nguni,  estokna away lali,  aja nganti nemu dudu,  kalamun wani nerak,  pasti 
tan manggih basuki, Sinom salin Girisa ingkang atampa.


sumber : www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pupuh X Asmarandana

PUPUH X
ASMARANDANA

01
Padha netepana ugi,  kabeh parentahing syara,  terusna lair batine,    salat limang 
wektu uga,  tan kena tininggala, sapa tinggal dadi gabug,  yen misih remen neng 
praja.

02
Wiwitane badan iki, iya saking ing sarengat, anane Manusa kiya, rukune Islam 
lelima, tan kerja tininggala, pan iku parabot agung, mungguh uripe neng donya.

03
Kudu uga den lakoni, rukun lelima punika, apantosa kuwasane, ning aja tan 
linakwan, sapa tan ngalakanana, datan wurung nemu bebendu, mula padha 
estokeno.

04
Parentahira Hyang Widdhi,  kang dhawuh marang Nabiu’ullah, ing Dalil Khadis 
enggone, aja padha sembrana, rasakna den karasa, Dalil Khadis rasanipun, 
dimene padhang tyasira.

05
Nora gampang wong ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, angur 
kebo dagingira, khalal lamun pinangan, yen manungsa dagingipun,  pinangan 
pastine kharam.

06
Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe 
kareman, banget paes neng dunya, siang dalu dipun emut,  wong urip manggih 
antaka.

07
Lawan aja angkuh bengis, lenguslanas calak lancang, langar ladak sumalonong, 
aja ngidak aja ngepak, 
lan aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan aja para wadulan.

08
Kang kanggo ing masa iku, priyayi nom kang den gulang, kaya kang wus muni 
kowe, kudu lumaku kajinan, pan nora nganggomurwat, lunga mlaku kudhung 
sarung, lumaku den dhodhokana.

09
Datanpa kasur Sayekti, satriya tan wruh ing tata, ngunggulaken satriyane, lamun 
karem pinondhokan, anganggowo jajaran, yen niyat lung anawur, aja ndhodhoken 
manusa.

10
Denene wedi sarta sih, anggonira mengku bala, miwah yen angran ing gawe, den 
abisa minta-minta, karyane prawadyanira, ing sagawe gawenipun,  ing karyanira 
prayoga.

11
Sarta kawruhana batin, gegantunganing pratopan, darapon pethel karyane, 
dimene aja sembrana, nggone nglakoni karya ywa, dumeh isih sireku, lamun leda 
patrapana. 

12
Nadyan sanak antaneki, yen leda hya pinatrapan, murwaten lawan dosane, 
darapon padha wediya, ing wuri awya padha, angladeni kayaniraku, aja pegat den 
warata. 

13
Lan meninge suta mami, mungguh anggeringkawula, den suka sukur ing batos, 
aja pegat ing panedha, 
maring Kyang kang misesa ing, rahina wenginipun, mulyaning Nagara kita.

14
Iku uga dipun eling, kalamun mulyaning praja, mufa’ati mring wong akeh, ing rina 
wengi tan pegat, nenedha mring Pangeran,luluse kraton Sang Prabu, miwah 
arjaning negara.

15
Iku wewalesing batin, mungguh wong suwiteng Nata, ing lair setya tuhu, kalawan 
nyadhang ing karsa, 
badan datan nglenggana, ing siyang dalu pan katur, atur pati uripira.

16
Gumantung karsaning Gusti, iku traping wadya setiya, nora kaya jaman mangke, 
yen wus antuk palungguhan, trape kaya wong dagang, ngetung tuna bathinipun, 
ing tyas datan pangrasa. 

17
Awite dadi priyayi, sapa kang gawe ing sira, tan weling ing wiwitane, amung weruh 
ing witira, dadine saking ruba, mulane ing batinipun, pangetunge lir wong dagang.

18
Mung mikir gelise mulih, rerubanira duk dadya, ing rina wengi ciptane, kepriye 
lamun bisaa, males sihing bandara, lungguhe lawan tinuku, tan wurung angrusak 
desa.

19
Pamrihe gelise bathi,  nadyan besuk pinocota, picisku sok wusa mulih, kepriye 
lamun tataa, polahe salang tunjang, padha kaya wong bebruwun, tan ngetung 
duga prayoga.

20
Poma padha dipun eling, nganggo syukur lawan lila, nrimaa ing pepancene, lan aja 
amrih sarama, mring sedya nandhang karya, lan padha amriha iku, harjane kang 
desa-desa.

21
Wong desa pan aja ngesthi, anggone anambut karya, sesawah miwah tegale, 
nggaru maluku tetapa, aja den owah dimene, tulus nenandur jagung,  pari kapas 
lawan jarak.  


22
Yen desa akeh wongneki, ingkang bathi pasthisira, wetune pajeg undhake, dipun 
reh pamrihira, aja kongsi rekasa, kang wani kalah rumuhun, kurang pajeg 
srantekena.

23
Lamun tan mangkono ugi, karem masesa wong desa, salin bakul pendhak gawe, 
pamitunge jung sacacah, bektine karo belah, temahan desane suwung, pyayine 
jaga pocetan.

24
Poma aja anglakoni, kaya pikir kang mangkono, satemah lingsem dadine, den 
sami angestakena, mring pitutur kang arja, nora cacad alanipun, wong nglakoni 
kebecikan.

25
Nonoman ing mengko iki, yen dituturi  raharja, arang ingkang ngrungokake, 
sinamur bari sembrana, ewuh yen nuruta, malah mudhar pitutur,  pangrasane pan 
wus wignya. 

26
Aja na mangkono ugi, yen ana wong kang carita, rungokena saunine, ingkang 
becik sireng gawa,bawungen ingkang ala, anggiten sajroning kalbu, ywa nganggo 
budi nonoman.


sumber: www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pupuh IX Mijil

PUPUH IX
M I J I L

01
Pomo kaki padha dipun eling,  ing pitutur ingong,  sira uga satriya arane,  kudu 
anteng jatmika ing budi, luruh sarta wasis, samubarang tanduk. 

02
Dipun nedya prawira ing batin,  nanging aja katon,  sasona yen durung masane, 
kekendelan aja wani manikis, wiweka ing batin, den samar ing semu.

03
Lan dimantep mring panggawe becik,  lawan wekas ingong,  aja kurang iya 
panrimane,  yen wis tinitah marang Hyang Widhi,  ing badan punika,  wus 
pepancenipun.

04
Ana wong narima ya titahing, mapan dadi awon, lan ana wong narima titahe, 
wekasane iku dadi, becik, kawruhana ugi, aja seling surup.

05
Yen wong bodho datan nedya ugi,  atakon tetiron,  anarima titah ing bodhone,  iku 
wong narima nora becik
dene ingkang becik, wongnarima iku.

06
Kaya upamane wong angabdi,  marang sing Sang Katong,  lawas-lawas ketekan 
sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah saliyaneng,  ing tyas kang panuju.

07
Nuli narima tyasing batin, tan mengeng ing Katong, rumasa ing kani matane, sihing 
gusti tumeking nak rabi, wong narima becik kang mangkono iku.

08
Nanging arang iya wong saiki,  kang kaya mangkono,  Kang wus kaprah iyo 
salawase, yen wis ana lungguhe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.

09
Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang kanggo, datan eling ing mula mulane, 
witing sugih sangkane amukti, panrimaning ati, kaya anggone nemu.

10
Tan ngrasa kamurahaning Widdhi,  jalaran Sang Katong,  jaman mengko ya iku 
mulane, arane turun wong tuwa tekweng, kardi tyase Sariah, kasusu ing angkuh.

11
Arang nedya males sihing Gusti,  Gustine Sang Katong,  lan iya ing kabehing 
batine,  sanadyan narima ing Hyang Widdhi,  iku wong tan wruh ing, 
kanikmatanipun.

12
Wong tan narima pan dadi becik,  tinitah Hyang Manon,  iku iyo rerupane,  kaya 
wong ingkang ngupaya ilmi , lan wong nedya ugi kapintaranipun.

13
Iya pangawruh kang den senengi ,  kang wus sengsem batos,  miwang ingkang 
kapinteran dene,  ing samubarang karya ta uwis,  nora kanggo lathi,  kabeh wus 
kawengku.

14
Uwis pinter nanging iku maksih,  nggonira pitados,  ing kapinterane ing undhake, 
utawa unggahe kawruh yekti, durung marem batin, lamun durung tutug.

15
Yen wong kurang panrimo ugi,  iku luwih awon barang gawe aja age-age, 
anganggowa sabar sarta ririh, dadi barang kardi resik tur rahayu.

16
Lan maninge babodipun eling,  ing pituturingong,  sira uga padha ngemplak 
emplak,  iya marang kang jumeneng Aji,  ing lair myang batin,  den ngarsa 
kawengku.

17
Kang jumeneng iku ambawani,  karsaning Hyang Manon,  wajib padha wedi lan 
batine, aja mamang parintah ing Aji, nadyan enom ugi, lamun dadi Ratu.

18
Nora kena iya den waoni, parentahing Katong, dhasar Ratu abener prentahe, kaya 
priye nggonira sumingkir, yen tan anglakoni, pasti tan rahayu.

19
Nanging kaprah ing masa samangkin,  anggepe angrengkoh, tan rumangsa lamun 
ngempek empek,  ing batine datan nedya eling,    kamuktene iki,    ngendi 
sangkanipun.  

20
Lamun eling jalarane mukti, pasthine tan mengkuh, saking durung batin 
ngrasakake, ing pitutur engkang dingin-dingin, dhasar tan paduli,  wuruking wong 
sepuh.

21
Dadine sabarang tindakneki,  arang ingkang tanggon,    saking durung ana 
landhesane, arip crita tan ana kang eling, elinge pribadi, dadi tanpa dhapur.

22
Mulanipun wekasingsun iki, den kerep tetakon, aja isin ngatokken bodhone, saking 
bodho witing pinter ugi, mung Nabisinelir, pinter tanpa wuruk.

23
Sabakdane tan ana kadyeki,  pinter tanpa takon, apan lumrah ing wong urip kiye,
mulane wong anom den taberi, angupaya ilmu pandadi pikukuh.

24
Kacek uga wong kang tanpa ilmu,   sabarange kaot, dene ilmu iku ingkang kangge, 
sadinane gegulangan dingin, pan sarengat ugi, parabot kang perlu. 

25
Ilmu sarengat pan iku dadi,  wadhah kang sayektos,    kawruh tetel wus kawengku 
kabeh, kang sarengat kanggo lair batin,  mulane den sami, brangta maring ilmu.


sumber: www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pupuh VIII Pocung

PUPUH VIII
POCUNG

01
Kamulane kaluwak nonomanipun, Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen 
wus tuwa kaluwake pisah pisah.

02
Den  budiya kepriye ing becikipun,  aja nganti pisah,  kumpule kaya nomeki,  anom 
kumpul tuwa kumpul kang prayoga.

03
Aja   kaya kaluwak duk anom,  kumpul bisa wus atuwa,  ting salebar siji-siji,  nora 
wurung dadi bumbu pindhang lulang.

04
Aja   kaya sadulur memanise dipun runtut,  oja kongsi pisah,  ing samubarang 
karyeki, yen arukun dinulu katon prayoga.

05
Abot  enteng wong duwe sanak sadulur, jitus tandhingira,  yen golong sabarang 
pikir, kacek uga kang tan duwe sanak kadang.

06
Luwih  abot wong duwe sanak sadulur,  enthenge yen pisah,  pikire tan dadi siji, 
abotipun yen sabiyantu ing karsa.

07
Lamun  bener apinter pamomonganipun,  kang ginawa tuwa,  aja nganggo abot 
sisih, dipun sabar pamengku ing sentana.

08
Pan  ewuh wong tinitah dadi asepuh,  tan kena ginampang,  mring sadulurira ugi, 
tuwa nenom aja beda traping karya.

09
Kang  saregep kalawan ingkang malincur,  iku kawruh ana,  sira alema kang becik, 
ingkang malincur den age bendanana.

10
Datan mari bebendon nggone malincur, age patrapana, sapantese dosaneki, mring 
santara darapon dadi tuladha.

11
Nadyan  iya wong cilik pasti piturut,  kang padha ngawula,  dimen  padha wedi asih, 
pan mangkono lakune wong dadi tuwa. 

12
Den  ajembar anggonira amangku,  den pindho sageta,  tyase amot ala becik, 
mapan ana pepancene sowang-sowang.

13
Pan  sadulur tuwa wajibe pitutur,  mring kadang taruna,  kang anom wajibe wedi, 
dipun manut tuture sadulur tuwa.

14
Kang  tinitah dadi anom aja masgul,  ing batin ngrasaa,  saking karsaning Hyang 
Widdhi, yen masgula ngowai kodrating Suksma.

15
Nadyan  bener yen wong anom dadi luput, dene ingkang tuwa, den kayu banyu ing 
beji, awening tingale aja sumunar.

16
Lan  maninge pan ana pituturingsun,  yen sira amaca,  sabarang layang den eling, 
aja pijer ketungkul ngelingi sastra.

17
Caritane ala becik dipun enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa 
kang becik si ra a-nggawa.

18
Ingkang    ala rasakena dadi luput, supaya tyasira,  weruh ing ala lan becik, ingkang 
becik wiwitane kawruhana.

19
Wong  kang laku mangkono wiwitanipun,  becik wekasanya,  wong laku mangkono 
ugi
ing wekasanipun teka dadi ala.

20
Ing  sabarang prakaran dipun kadulu,  wiwit wekasanya,  bener luput den atiti,  ana 
becik wekasane dadi ala. 

21
Dipun weruh iya ing kawulanipun, lan wekasanira, puniku poma den ana, ala dadi 
becik ing wekasanira.

22
Ewuh  temen babo wong urip puniku,  apan nora kena,  kinira-kira ing budi,  arang 
mantep wasise basa raharja.

sumber: www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pupuh VII Pocung

PUPUH VII
P U C U N G

01
Dipun sami marsudi ing budinipun, weweka den awas, aja dumeh bisa angling, 
den apantes masa kalane micara.

02
Nadyan  namung sakecap yen nora patut,  prenah ing wicara,  sadurunge den 
kaesthi, awasane semune rewang alenggah.

03
Lawan  aja sok metua wong celathu,  aneng pasamuwan,  ora pantes kang kawiji, 
ora ana kang kasimpen ing wardaya.

04
Wicara kang kawetu aja kabanjur, nganggowa prayoga, arahen kang ngati-ati, yen 
wus melu nora kena tinututan.  

05
Milanipun  den prayitna wong celathu,  aja sok supata,  pan dadi regeding urip,  yen 
micara larangana ngucap tobat.

06
Iku dadi cilakane ing uripmu, poma-poma padha, den gemi wedaling lati, masa 
mangke supata ginawa dinan.

07
Akeh  tiru pangucap saru rinungu,  anut ukaning tyas,  tan ana kang angukumi, 
ukuming Hyang kinurangan sandhang pangan.

08
Lawan aja terocoh sugih pepisuh, ngucap cacah cucah,  anyenengi batur sisip, yen 
duduka den dumeling sisipira.

09
Iku  padha den teguhana den kukuh,  lawan aja sira,  angalap randhaning abdi, 
miwah sanak kanca satunggal sapangan.

10
Gawe  salah graita kang padha ngrungu,  sanadyan lilaa,  iya kang anduwe rabi , 
sanakira ilang pitayaning mana.

11
Nora  wurung sinebut kalamun rusuh,  batur ira padha,  suda pangandeling batin, 
mring bandara masa kuranga parawan.

12
Lawan  aja cacad ingkang luwih agung,  pan patang prakara,  ingkang dingin wong 
madati, pindho botoh ping telune wong durjana.

13
Kaping  pate wong budi saudagar tambah,  sabarang prakara,  mung mungkul suka 
lan sugih, rina wengi mung bathine kang den etang.

14
Lumuh kalong tur wus nyekel reyal satus, kalonge sareyal, gegetune sangang sasi, 
durung marem yen durung simpen saleksan.

15
Mung  sukane yen ana dhedhayoh muncul,  nggawa gandhen emas,  anenembung 
utang dhuwit, sumarangal ulate teka sumringah. 

16
Wong  durjana kang kaesthi siang dalu,  mung wong sugih arta,  kang den incih den 
malingi, luwih ala-alane budi durjana.

17
Botoh iku sabarang panggawe lumuh, para padu dura, lamun pawitane enting,  ora 
wurung nggegampang duweking sanak.

18
Nora  etung wasiyate kaki buyut,  tan nganggo den eman,  barang wesi tumbak 
keris, nora wurung ingedol wataking bangsat.

19
Lamun  menang angkuhe kaya wong agung,  belaba aloma,  tan anganggo ngeman 
picis, nora nganggo kira-kira weweh sanak.

20
Dene  lamun kabutuh tanwurung nguthuh,  mring tetangganira,  yen kalimpe 
denmalingi, mula aja karem nggegulang botohan.

21
Dene  yen wong madati keset tur angkuh,  barang gawe sungkan,  kang dadim 
kareming ati, ngadhep diyan alungguh sambi jejegang.

22
sarta nyekel bedutane den elus-elus,  angedhep pangeran,  leren nyered banjur 
dhidis, suwe-suwe matane rem-erem ayam.

23
Lamun  ana rewange wong nyeret iku,  ingkang karujukan,  crita cinrita pra gaib, 
para rasa sastrane ingkang rinasa.

24
Sira  ingkang tyas supaya akeh wong ngrungu,  andangi sabarang,  nora nganggo 
wigah-wigih, nadyan kalah diakali pasti menang.

25
Suprihipun anaa wong aweh candu, sing wong kekurangan, pikirpeteng susah ati, 
suka bungah adhangan akale ndara.

26
Yen  wus ndadi nyerete awake kuru,  mesem ulatira,  njambut wadi saking warih, 
lambe biru untu putih arang nginang. 

27
Tenmenipun  satronjambe gambir suruh, injet lan mbakonya,  kinira yen wedi getih, 
tan angandel puniku mewani cahya.

28
Nyeret  lawas ambekane melar mingkus, jelagra neng dadha, watuke saya gumugil, 
yen agering ndalinding metu bolira.

29
Iya  iku alane wong mangan apyun,  uripira dadya,  tontonan padhaning jalmi, 
singgahana wewaler telung prakara.

30
Ana  maning wewaler aja sok wuru,  nora nganggo masa,  endi lirira puniki,  nginum 
sajeg puniku watake ala.

31
Yen  amendem ilang prayitnaning kalbu, tan ajeg pikirnya,  sabarang angrasa wani, 
tinemenan wekasane dadi ala.

32
Lawan  aja karem mring wanita ayu,  kang ala anggepnya,  lan aja mbukak wewadi , 
mring ngarsaning wanita tan wurung corah.

33
Sampun lumrah ing wanita datan brukut,  asimpen raharja, saking rupake ing batin, 
apan uwus pinanci dening Hyang Suksma.

34
Nitahaken pawestri pan kinaryeku,  ganjaraning priya,  kabeh padha den nastiti, 
mring pitutur sayekti kudu prayitna.

35
Aja   dumeh pitutur kang tanpa dapur,  yen becik bakalnya,  den anggowa manfaati, 
aja kaya Pucung kalawan kaluwak.


Ing ngandhap punika inkang aslinipun sampun kasekaraken Pucung 22 pada 
sekar. 


sumber : www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pupuh VI Durma

PUPUH VI
D U R M A

01
Dipun sami ambanting ing badanira,  nyudha dhahar lan guling,  darapon sudaa,
nepsu kang ngambra-ambra,  rerema ing tyasireki,  dadya sabarang,  karyanira 
lestari .

02
Ing pangrawuh lair batin aja mamang,  yen sira wus udani,  mring sariranira,  lamun 
ana kang Murba, masesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.

03
Bener luput ala becik lawan beja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga,  dudu 
saking wong liya, mulane den ngati-ati, sakeh dirgama,  singgahana den eling.

04
Apan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, puniki lilira,  yokang telung 
prakara, poma ywa nggunggung sireki, sarta lan aja,  nacat kepati pati.

05
Lawan aja maoni sabarang karya,  sithik-sithik memaoni,  samubarang polah,  tan 
kena wong kumlebat,  ing masa mengko puniki ,  apan wuslumrah,  uga padha 
maoni.

06
Mung tindake dhewe datan winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen 
tindake wong liya, pasti den arani sisip, iku wong ala, ngganggo bener pribadi.

07
Nora nana panggawe kang luwih gampang,  kaya wong memamaoni,  siraeling-eling,     aja sugih waonan,
den sami salajeng budi,  ingkang prayoga, sapa-sapa kang lali.

08
Ingkangeling iku padha angilangna,  marang sanak kanca kang lali,  den nedya 
raharja,  mangkono tindakira,
yen tan nggugu liya uwis,  teka menenga, mung aja sok ngrasani.

09
Nemu dosa gawanen sakpadha-padha,  dene wong ngalem ugi,  yen durung 
pratela,    ing temen becikira,
aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.

10
Dene  kangwus kaprah ing masa samangkya,  yen ana den senengi,  ing 
pangalemira,  pan kongsi pandirangan,
matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.

11
Aja gelem aja mada nora bisa, yen uga masa mangkin iya ing sabarang, yen nora 
sinenengan, den poyok kapati pati, nora prasaja, sabarang kang den pikir.

12
Ngandhut rukun becike ngarep kewala, ing wuri angarsani, ingkang ora-ora, kabeh 
kang rinasanan, ala becik den rasani, tan parah-parah, wirangronge gumanti. 


sumber: www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pupuh V Maskumambang

PUPUH V
MASKUMAMBANG

01
Nadyan  silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan 
becik, nora pantes yen den nuta.

02
Apan koyo mangkono watekanneki, sanadyan wong tuwa yen duwe watak tan 
becik, miwah ing tindak prayoga.

03
Aja sira niru tindak kang tan becik, sanadyan wong liya, lamun pamuruke becik, 
miwah ing tindak prayoga.

04
Iku pantes yen sira tiruwa kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, kaki 
iku estokena.

05
Wong tan manut tuture wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing donya tumekeng 
akhir, tan wurung kasurang-surang.

06
Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja ana kang kumawani, 
ing bapa tanapi biyang.

07
Ana uga etang etangane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima 
punika.

08
Ingkang dening rama iku kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping 
katri, lan marang sadulur tuwa.

09
Kaping pat marang guru kang sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, 
pacincene kawruhana.

10
Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badanireki, kinawruhan 
padhang hawa.

11
Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing bating saking Hyang Widdhi, 
milane wajib sinembah.

12
Pankinarsakake marang ing Hyang Widdhi, kinarya lantaran, ana ing dunya 
puniki, nyalaki becik lan ala.

13 
Saking ibu rama margane udani, miwah maratuwa, lanang wadon den bekteni, 
aweh rasa ingkang nyata.

14
Sajatine rasa kang mencarke wiji, sembah kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi, 
milane sadulur tuwa.

15
Pan sinembah gegantining rama ugi, pan sirnaning wong tuwa,  sadulur tuwa 
gumanti, inkang pantes sira tuta.

16
Iba warah wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping papat, marang ing guru 
sayekti, marmane guru sinembah.

17
Kang pituduh marang marganing ngaurip, tumekeng antaka madhangken 
petenging ati, mbeneraken marga mulya.

18
Wong duraka ing guru abot sayekti, mila den prayitna, minta sih siyang ratri, ywa 
nganti suda sihira.

19
Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti kang Murba, ing pati kalawan 
urip, paring sandhang lawan pangan.

20
Wong neng dunya wajib manutamring Gusti, lawan para lurah, sapratingkahe den 
esthi, aja dumeh wis awirya.

21
Nora putra santana wong cilik, pan padha ngawula, pan kabeh namani abdi, yen 
dosa kukume padha.

22
Yen rumasa putra santana sireki, dadine tyasira angenira sayekti, tan wurung 
anemu papa.

23
Angungasken putra sentananing Aji, iku kaki aja, wong suwita nora becik, kudu 
wruh ing karsanira.

24 
Yen tinuduh saking Sang Maha Narpati, barang pituduhnya, poma estokna sayekti, 
karyanira sungkemana.

25
Aja menceng saprintahe sang siniwi, den pethel aseba aywa malincur ing kardi, lan 
aja ngepluk sungkanan.

26
Luwih ala alane ing wong ngurip, wong ngepluk sungkanan tan patut ngawuleng 
Gusti, ngengera sepadha-padha.

27
Nadyan ngenger neng biyungira pribadi, yen karya sungkanan nora wurung den 
srengeni, yen luput pasti pinala.

28
Apa kaya mangkono ngawuleng Gusti, kalamun leleda, tan wurung bilahi, ing wuri 
aja ngresula.

29
Pan kinarya dhewe  bilahinireki, lamun tan temene, barang pakaryane Gusti, lahir 
batin ywa suminggah.

30
Apa Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, 
pan mung bener agemira.

31
Kukum adil pan mung iku kang kaesthi, mulata padha den rumeksa Gusti, endi lire 
wong rumeksa.

32
Dipun gemi nastiti lan ngati-ati, gemi mring kagungan, ing  Gusti ywa sira wani, 
anggegampang lawan aja.

33
Wani-wani nuturken wadining Gusti, den bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, 
nastiti barang parentah.

34
Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing rumeksanira, lan nyandhang karsaning Gusti, 
Duduke wuluh kang tampa.


sumber: www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pupuh IV Pangkur


PUPUH IV
PANGKUR

01
Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo ing wong urip, ala lan becik 
puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipun kadulu, miwah ta ing tata 
krama, den kaesthi siyang ratri.

02
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu tan 
kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng myang 
nendra, duga-duga aja kari.

03
Miwah ta sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan cilik, papat iku datan kentun, 
kanggo sadina-dina, rina wengi neng praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha 
ambekan, papat iku aja lali.

04
Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan prayogi, iku watake tan patut, 
awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak nora wurung neniwasi.

05
Pan wus watake manungsa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna 
mininipun, pan dadipanengeran ingkang pinter kang podho miwah kang luhung, 
kang sugih lan kang melarat, tanapi manungsa singgih

06
Tinitik solah muna, lawan malih ing laku lawan linggih, iku panengeranipun, 
winawas ginrotan, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujalma, 
datan amindho gaweni.

07
Ginulang sadina-dina, wewekane ing basa lan basuki, ing jubriya-kibiripun, 
sumungah lan sesongaran, mung sumendhe sakarsanira Hyang Agung, ujar sirik 
kang rineksa, kautaman ulah wadi.

08
Ing masa mengko pan nora, kang katemu laku basa basuki, ingkang lumrah wong 
puniku, dhengki srei lan dora, iren meren pisastene pan kumingsun,sasolahe tan 
prasaja, jail mutakil basiwit.

09
Alaning liyan den andhar, ing becike liya kang den simpeni, becike dhewe 
ginunggung, kinarya pasamuan, tan rumasa alane dhewe ngandhukur, wong 
mangkono wewatekny, nora pantes den pedhaki.


10
Iku wong durbala murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang karepanipun, 
sanadyan wus katekan, arep maneh nora marem saya mbanjur, luwamah lawan 
amarah, iku kang den tuti wuri.

11
Ing sabarang solah tingkah, ing pangucap tanapi nyang alinggih, tan suka sor 
ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujalma pangrasane dhewekipun, tan ana 
kang madhanana, angrasa luhur pribadi.

12
Aja nedya katempelan, watek ingkang tan becik tinutwuri, watek rusuh nora urus, 
tunggal lawanmanungsa, dipun sami anglabuhi kang apatut, parapan dadi 
tuladha, tinula mring wong kang becik.

13
Aja lunyu lumur genjah, angrong prasanakan nyumur gumuling, ambubuti arit 
puniku, watak kang tan raharja, pan wong lunyu nora kena dipun enut, monyar-manyir tan antepan, dela lemeran puniku.

14
Para panginan tegesnya, genjah iku cecegan barang kardi, angrong prasanak 
liripun, karem ulah miruda, mring rabine sadulur miwah bebatur, tuwin sanak 
prasanakan, sok senenga dan ramuhi.

15
Nyumur guling punika, ambelawah datan duwe wewadi, nora kene rubung-rubung, 
wadine kang den urap, mbuntut arit punika pracekanipun, apener neng 
pangarepan, nggarretel dumunung wuri.

16
Sabarang kang dipun ucap, nora wurung mung plehe pribadi, iku lelabuhan patut, 
aja nedya anelad, ing wateke kangnem prakoro punika, kang sayogya ngupayoa, 
anglir mastimbul ing warih.


sumber : www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pupuh III Gambuh

PUPUH III
G A M B U H

01
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kelantur, tanpa tutur katula-tula 
katali, kadaluwarsa katutuh kapatuh pan dadi awon.

02
Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti 
tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.

03
Pitutur bener iku, sayektine kang iku tiniru, nadyan melu saking wong sudra 
papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo.

04
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang, kidang adigung pinasti, 
adiguna ula iku, telu pisan mati samyoh.

05
Sikidang umbagipun, angendelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angendelken 
gung ainggil, ula ngendelaken iku, mandine kalamun nyakot.

06
Iku upamanipun, aja ngendelaken sira iku, tukang Nata iya sapa kumawani, iku 
ambeke wong digung, ing wasana dadi asor.

07 
Ambek digang puniku, angungasaken kasuranipun, para tantang candala 
anyenyampahi, tinemenan boya purun, satemah dadi geguyon.

08
Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh 
ngatiati, den kawang-kawang barang laku, den waskitha solahing wong.

09
Dening tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula 
ing patinipun, ngedelken upase mandos.

10
Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi, 
bungah akeh wong kang ngunggung, wekasane kajalomprong.

11
Kumprung wong pengung bingung, wekasane lali nora eling, yen den gunggung 
katone muncu-muncu, wong pengung saya dadi, kaya wudun meh mencothot.

12
Ing wong kang anggunggung, mung sepele iku pamrihipun, mung warege 
wadhuke klimising lathi, lan telese gondhangipun, rerubo alaning uwong.

13
Amrih wareke iku, yen wus warek gawe nuli gawe umuk, kang wong akeh kang 
sinuprih padha wedi, amasti tanpa pisungsung, adol sanggap sakehing wong.

14
Yen wong mangkono iku, nora pantes pedhak lan wong agung, nora wurung 
anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedhoplok.

15
Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil panganggepe 
wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung, kang wus weruh amelengos.

16
Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen den 
titeni, mring pawong sanak kang weruh, nora nana kang pitados.


sumber : www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pupuh II Kinanthi

PUPUH II
K I N A N T H I

01
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, 
kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

02
Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan guling, lawan ojo sukan-sukan, 
anganggowa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.

03
Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelakaken wong ala, 
kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak satemah anenulari.

04
Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil, 
yen pantes raketana, darapon mundhak kang budi.

05
Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep 
akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora 
wurung dadi maling.

06
Sanadyan nora melu, pasti wruh lakuning maling, kaya mangkono sabarang, 
panggawe ala puniki, sok weruha gelis bisa, yeku panuntuningiblis.

07
Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung linakwan, 
aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mufa’ati badanneki.

08
Yen wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor dipun bucal, 
unbag gumunggung ing dhiri, obrol umuk kang den gulang, kumenthus lengus 
kumaki.

09
Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lambanging waong ala, nom-noman adoh wong becik, emoh angrungu carita, kang ala miwah kang becik.

10
Cerita kang wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener lan becik, tindak 
bener lan kang salah, kalebu jro caritareki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den 
kawruhi.

11
Mulane wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang 
sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.

12
Ingkang becik kojahipun, sira anggawa kang remit, ingkang ala singgahana, aja 
niat anglakoni, lan den awas wong kang kojah, ing lair masa puniki.

13
Akeh wong kang bisa muwus, nanging den sampar pakolih, amung badane 
priyangga, kang den pakolihaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo 
sawatawis. 

14
Aja ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana amemedha, angrasa 
pinter ngluwihi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes dipun cedhaki.

15
Singakna den kaya asu, yen wong kang  mangkono ugi, dahwen open nora layak, 
yen sira sadhinga linggih, nora wurung katularan, becik singkiorana kaki.

16
Poma-poma wekasingsun, mring kang maca layang iki, lan den wedi mring wong 
tuwa, ing lair prapto ing batin, saunine den estokna, ywa nambuh  wulang kang 
becik.


sumber: www.alangalangkumitir.wordpress.com

Pupuh I Dandhanggula

PUPUH I
DHANDHANGGULA

01
Pamedare wasitaning ati, ujumantaka aniru Pujangga, dahat muda ing batine. 
Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, 
basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih 
padanging sasmita.

02
Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, 
akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruhing rasa, rasa 
kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing 
kauripanira. 

03
Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan 
tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, 
tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, sira 
anggugurua. 

04
Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik 
martabate, sarta kang wruh ing chukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur 
oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes 
sira guronana kaki, sartane kawruhana. 

05
Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, 
anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kangpatang : 
prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang 
mupakat. 

06
Ana uga den antepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan 
wurung tinggal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembah Hajang,
wus salat kateng-sun, banjure mbuwang sarengat, batal haram nora nganggo den 
rawati, bubrah sakehing tata. 

07
Angel temen ing jaman puniki, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaya 
ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi,  ing 
panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor 
kakarepaneki, pancene prijangga. 

08
Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik 
karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada 
ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya 
murid, dadiya kantira.



sumber : www.alangalangkumitir.wordpress.com