Jumat, 05 Desember 2014

Pupuh VII Pocung

PUPUH VII
P U C U N G

01
Dipun sami marsudi ing budinipun, weweka den awas, aja dumeh bisa angling, 
den apantes masa kalane micara.

02
Nadyan  namung sakecap yen nora patut,  prenah ing wicara,  sadurunge den 
kaesthi, awasane semune rewang alenggah.

03
Lawan  aja sok metua wong celathu,  aneng pasamuwan,  ora pantes kang kawiji, 
ora ana kang kasimpen ing wardaya.

04
Wicara kang kawetu aja kabanjur, nganggowa prayoga, arahen kang ngati-ati, yen 
wus melu nora kena tinututan.  

05
Milanipun  den prayitna wong celathu,  aja sok supata,  pan dadi regeding urip,  yen 
micara larangana ngucap tobat.

06
Iku dadi cilakane ing uripmu, poma-poma padha, den gemi wedaling lati, masa 
mangke supata ginawa dinan.

07
Akeh  tiru pangucap saru rinungu,  anut ukaning tyas,  tan ana kang angukumi, 
ukuming Hyang kinurangan sandhang pangan.

08
Lawan aja terocoh sugih pepisuh, ngucap cacah cucah,  anyenengi batur sisip, yen 
duduka den dumeling sisipira.

09
Iku  padha den teguhana den kukuh,  lawan aja sira,  angalap randhaning abdi, 
miwah sanak kanca satunggal sapangan.

10
Gawe  salah graita kang padha ngrungu,  sanadyan lilaa,  iya kang anduwe rabi , 
sanakira ilang pitayaning mana.

11
Nora  wurung sinebut kalamun rusuh,  batur ira padha,  suda pangandeling batin, 
mring bandara masa kuranga parawan.

12
Lawan  aja cacad ingkang luwih agung,  pan patang prakara,  ingkang dingin wong 
madati, pindho botoh ping telune wong durjana.

13
Kaping  pate wong budi saudagar tambah,  sabarang prakara,  mung mungkul suka 
lan sugih, rina wengi mung bathine kang den etang.

14
Lumuh kalong tur wus nyekel reyal satus, kalonge sareyal, gegetune sangang sasi, 
durung marem yen durung simpen saleksan.

15
Mung  sukane yen ana dhedhayoh muncul,  nggawa gandhen emas,  anenembung 
utang dhuwit, sumarangal ulate teka sumringah. 

16
Wong  durjana kang kaesthi siang dalu,  mung wong sugih arta,  kang den incih den 
malingi, luwih ala-alane budi durjana.

17
Botoh iku sabarang panggawe lumuh, para padu dura, lamun pawitane enting,  ora 
wurung nggegampang duweking sanak.

18
Nora  etung wasiyate kaki buyut,  tan nganggo den eman,  barang wesi tumbak 
keris, nora wurung ingedol wataking bangsat.

19
Lamun  menang angkuhe kaya wong agung,  belaba aloma,  tan anganggo ngeman 
picis, nora nganggo kira-kira weweh sanak.

20
Dene  lamun kabutuh tanwurung nguthuh,  mring tetangganira,  yen kalimpe 
denmalingi, mula aja karem nggegulang botohan.

21
Dene  yen wong madati keset tur angkuh,  barang gawe sungkan,  kang dadim 
kareming ati, ngadhep diyan alungguh sambi jejegang.

22
sarta nyekel bedutane den elus-elus,  angedhep pangeran,  leren nyered banjur 
dhidis, suwe-suwe matane rem-erem ayam.

23
Lamun  ana rewange wong nyeret iku,  ingkang karujukan,  crita cinrita pra gaib, 
para rasa sastrane ingkang rinasa.

24
Sira  ingkang tyas supaya akeh wong ngrungu,  andangi sabarang,  nora nganggo 
wigah-wigih, nadyan kalah diakali pasti menang.

25
Suprihipun anaa wong aweh candu, sing wong kekurangan, pikirpeteng susah ati, 
suka bungah adhangan akale ndara.

26
Yen  wus ndadi nyerete awake kuru,  mesem ulatira,  njambut wadi saking warih, 
lambe biru untu putih arang nginang. 

27
Tenmenipun  satronjambe gambir suruh, injet lan mbakonya,  kinira yen wedi getih, 
tan angandel puniku mewani cahya.

28
Nyeret  lawas ambekane melar mingkus, jelagra neng dadha, watuke saya gumugil, 
yen agering ndalinding metu bolira.

29
Iya  iku alane wong mangan apyun,  uripira dadya,  tontonan padhaning jalmi, 
singgahana wewaler telung prakara.

30
Ana  maning wewaler aja sok wuru,  nora nganggo masa,  endi lirira puniki,  nginum 
sajeg puniku watake ala.

31
Yen  amendem ilang prayitnaning kalbu, tan ajeg pikirnya,  sabarang angrasa wani, 
tinemenan wekasane dadi ala.

32
Lawan  aja karem mring wanita ayu,  kang ala anggepnya,  lan aja mbukak wewadi , 
mring ngarsaning wanita tan wurung corah.

33
Sampun lumrah ing wanita datan brukut,  asimpen raharja, saking rupake ing batin, 
apan uwus pinanci dening Hyang Suksma.

34
Nitahaken pawestri pan kinaryeku,  ganjaraning priya,  kabeh padha den nastiti, 
mring pitutur sayekti kudu prayitna.

35
Aja   dumeh pitutur kang tanpa dapur,  yen becik bakalnya,  den anggowa manfaati, 
aja kaya Pucung kalawan kaluwak.


Ing ngandhap punika inkang aslinipun sampun kasekaraken Pucung 22 pada 
sekar. 


sumber : www.alangalangkumitir.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar