Jumat, 05 Desember 2014

Pupuh VIII Pocung

PUPUH VIII
POCUNG

01
Kamulane kaluwak nonomanipun, Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen 
wus tuwa kaluwake pisah pisah.

02
Den  budiya kepriye ing becikipun,  aja nganti pisah,  kumpule kaya nomeki,  anom 
kumpul tuwa kumpul kang prayoga.

03
Aja   kaya kaluwak duk anom,  kumpul bisa wus atuwa,  ting salebar siji-siji,  nora 
wurung dadi bumbu pindhang lulang.

04
Aja   kaya sadulur memanise dipun runtut,  oja kongsi pisah,  ing samubarang 
karyeki, yen arukun dinulu katon prayoga.

05
Abot  enteng wong duwe sanak sadulur, jitus tandhingira,  yen golong sabarang 
pikir, kacek uga kang tan duwe sanak kadang.

06
Luwih  abot wong duwe sanak sadulur,  enthenge yen pisah,  pikire tan dadi siji, 
abotipun yen sabiyantu ing karsa.

07
Lamun  bener apinter pamomonganipun,  kang ginawa tuwa,  aja nganggo abot 
sisih, dipun sabar pamengku ing sentana.

08
Pan  ewuh wong tinitah dadi asepuh,  tan kena ginampang,  mring sadulurira ugi, 
tuwa nenom aja beda traping karya.

09
Kang  saregep kalawan ingkang malincur,  iku kawruh ana,  sira alema kang becik, 
ingkang malincur den age bendanana.

10
Datan mari bebendon nggone malincur, age patrapana, sapantese dosaneki, mring 
santara darapon dadi tuladha.

11
Nadyan  iya wong cilik pasti piturut,  kang padha ngawula,  dimen  padha wedi asih, 
pan mangkono lakune wong dadi tuwa. 

12
Den  ajembar anggonira amangku,  den pindho sageta,  tyase amot ala becik, 
mapan ana pepancene sowang-sowang.

13
Pan  sadulur tuwa wajibe pitutur,  mring kadang taruna,  kang anom wajibe wedi, 
dipun manut tuture sadulur tuwa.

14
Kang  tinitah dadi anom aja masgul,  ing batin ngrasaa,  saking karsaning Hyang 
Widdhi, yen masgula ngowai kodrating Suksma.

15
Nadyan  bener yen wong anom dadi luput, dene ingkang tuwa, den kayu banyu ing 
beji, awening tingale aja sumunar.

16
Lan  maninge pan ana pituturingsun,  yen sira amaca,  sabarang layang den eling, 
aja pijer ketungkul ngelingi sastra.

17
Caritane ala becik dipun enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa 
kang becik si ra a-nggawa.

18
Ingkang    ala rasakena dadi luput, supaya tyasira,  weruh ing ala lan becik, ingkang 
becik wiwitane kawruhana.

19
Wong  kang laku mangkono wiwitanipun,  becik wekasanya,  wong laku mangkono 
ugi
ing wekasanipun teka dadi ala.

20
Ing  sabarang prakaran dipun kadulu,  wiwit wekasanya,  bener luput den atiti,  ana 
becik wekasane dadi ala. 

21
Dipun weruh iya ing kawulanipun, lan wekasanira, puniku poma den ana, ala dadi 
becik ing wekasanira.

22
Ewuh  temen babo wong urip puniku,  apan nora kena,  kinira-kira ing budi,  arang 
mantep wasise basa raharja.

sumber: www.alangalangkumitir.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar