Jumat, 05 Desember 2014

Pupuh I Dandhanggula

PUPUH I
DHANDHANGGULA

01
Pamedare wasitaning ati, ujumantaka aniru Pujangga, dahat muda ing batine. 
Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, 
basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih 
padanging sasmita.

02
Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, 
akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruhing rasa, rasa 
kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing 
kauripanira. 

03
Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan 
tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, 
tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, sira 
anggugurua. 

04
Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik 
martabate, sarta kang wruh ing chukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur 
oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes 
sira guronana kaki, sartane kawruhana. 

05
Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, 
anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kangpatang : 
prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang 
mupakat. 

06
Ana uga den antepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan 
wurung tinggal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembah Hajang,
wus salat kateng-sun, banjure mbuwang sarengat, batal haram nora nganggo den 
rawati, bubrah sakehing tata. 

07
Angel temen ing jaman puniki, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaya 
ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi,  ing 
panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor 
kakarepaneki, pancene prijangga. 

08
Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik 
karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada 
ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya 
murid, dadiya kantira.



sumber : www.alangalangkumitir.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar