PUPUH III
G A M B U H
01
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kelantur, tanpa tutur katula-tula
katali, kadaluwarsa katutuh kapatuh pan dadi awon.
02
Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti
tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
03
Pitutur bener iku, sayektine kang iku tiniru, nadyan melu saking wong sudra
papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo.
04
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang, kidang adigung pinasti,
adiguna ula iku, telu pisan mati samyoh.
05
Sikidang umbagipun, angendelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angendelken
gung ainggil, ula ngendelaken iku, mandine kalamun nyakot.
06
Iku upamanipun, aja ngendelaken sira iku, tukang Nata iya sapa kumawani, iku
ambeke wong digung, ing wasana dadi asor.
07
Ambek digang puniku, angungasaken kasuranipun, para tantang candala
anyenyampahi, tinemenan boya purun, satemah dadi geguyon.
08
Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh
ngatiati, den kawang-kawang barang laku, den waskitha solahing wong.
09
Dening tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula
ing patinipun, ngedelken upase mandos.
10
Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi,
bungah akeh wong kang ngunggung, wekasane kajalomprong.
11
Kumprung wong pengung bingung, wekasane lali nora eling, yen den gunggung
katone muncu-muncu, wong pengung saya dadi, kaya wudun meh mencothot.
12
Ing wong kang anggunggung, mung sepele iku pamrihipun, mung warege
wadhuke klimising lathi, lan telese gondhangipun, rerubo alaning uwong.
13
Amrih wareke iku, yen wus warek gawe nuli gawe umuk, kang wong akeh kang
sinuprih padha wedi, amasti tanpa pisungsung, adol sanggap sakehing wong.
14
Yen wong mangkono iku, nora pantes pedhak lan wong agung, nora wurung
anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedhoplok.
15
Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil panganggepe
wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung, kang wus weruh amelengos.
16
Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen den
titeni, mring pawong sanak kang weruh, nora nana kang pitados.
sumber : www.alangalangkumitir.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar