PUPUH XI
S I N O M
01
Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den
inaa, mring padha padhaning jalmi, sukabungah den ina sapadha-padha.
02
Ingsun uga tan mangkana, baliku kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin
menek den arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene
jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
03
Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna,
lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran
kojah, suprandene ingsun iki, teko nora nana undaking kabisan.
04
Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha
cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa
kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.
05
Nanging padha estokana, pitutur kang muni tu’ia, yen sira nedya raharja, anggone
pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa,
anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
06
Lan aja nalimpang padha, mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan,
ngurangi dhahar lan guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene
kang sinedya, mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas
enggale tinekan.
07
Hyang sukma pan sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan,
pan iku ujare Dalil,
nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng
siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.
08
Panembahan senopatya, kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh,
inggih ingkang Hyang Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih
tulusing nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga niruwa lelakonira.
09
Mring leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira
nglakoni, cegah turu sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya
ingkang dingin dingin, aniruwa sapretelon saprapatan.
10
Pan ana silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka
sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mana suka ing jronipun, iku den
sinauwa, lan mati sajroning urip, ingkang kuna pan mangkono kang den gulang.
11
Pamore gusti kawula, punika ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada
ugi, gampange ta kaki,
tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari nama tembaga
tuwin kencana.
12
Yen aranana kencana, dene wus awor tembagi, yen aranana tembaga, wus
kaworan kancanedi, milanya den westani, aran suwasa punika, pamore mas
tembaga, mulane namane salin, lan rupane sayekti yen warna beda.
13
Cahya abang tuntung jenar, puniku suwasa murni, kalamun gawe suwasa,
tembaga kang nora becik, pambesate tan resik, utawa nom emasipun, iku
dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan suwasa bubul arane punika.
14
Yen sira karya suwasana, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oliha
tembaga prusi, biresora kang resik, sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan,
dhasar sari pasti dadi, iku kena ingaranan suwasa mulya.
15
Puniku mapan upama, tepane badan puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore
kawula Gusti, sayekti kudu resik, aja katempelan napsu, luwamah lan amarah,
sarta suci lahir batin, pedimene apan sarira tunggal.
16
Lamun mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena
den sasabi, ewoh gampang sayekti, punika wong darbe kawruh, gampang yen
winicara, angel yen durung marengi, ing wetune binuka jroning wardaya.
17
Nanging ta sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas bok pinanggih, den mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga
bosenan, kalamun arsa udani, apan anadalile kang wus kalawan.
18
Marang leluhur sedaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana, dadi
ugere rat Jawi, saking telateneki, nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune
leluhur dingin, andhap asor anggone anamur lampah.
19
Tampane nganggo alingan, pan padha alakutapi, iku kang kinaryo sasap, pamriha
aja katawis, jub rina lawan kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang
kanggonan, wahyune karaton Jawi, tinampelan anggape pan kumawula.
20
Punika laku utama, tumindak sarto kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang
den alingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja ana ninggal lanjaran.
21
Lan maning ana wasiyat, prasapa kang dingin dingin, wajib padha kawruhana,
anak putu ingkang kari, lan aja na kang wani, nerak wewaleripun, marang leluhur
padha, kang minulyakaken ing Widdhi, muga-muga mufaatana ing darah.
22
Wiwitan ingkang prasapa, Ki Ageng Tarup memaling, ing satedhak turunira, tan
linilan nganggo keris, miwah waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan
kena dhahar, daginge pan nora keni, anginguwa marang wong wadon tan kena.
23
Dene Ki ageng Sela, prasape ingkang tan keni, ing satedhak turunira, nyamping
cindhe den waleri, kapindhone tan keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan
kena dhahar, Panembahan Senopati, ingalaga punika ingkang prasapa.
24
Ingkang tedhak turunira, mapan nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih
dipun waleri, yen nungganga turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar
ngungkurken lawang, wuri tan ana nunggoni,
dipun emut punika mesthitan kena.
25
Jeng Sultan Agung Mataram, apan nora anglilani, mring tedhake yen nitiha, kapal
bendana yen jurit,
nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen tan
bisa nembang kawi,
pan prayoga satedakesinauwa.
26
Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madek ing
Kartasura, prasapanira anenggih, tan linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan
Prabu Mangkurat, waler mring saturunreki,
tan rinilan ujung astana ing Betah.
27
Lawan tan kena nganggowa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih
kuda, kabeh aja na kang lali, lawan aja nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih
Kang jeng Susunan, Pakubuwana ping kalih,
mring satedhak turunira linarangan.
28
Dhahar apyun nora kena, sinerattan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa
kang padha nglakoni,
narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa, linabakken
tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
29
Prasapa Kangjeng Susunan, Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira,
apan nora den lelani,
ngawe andel ugi, wong seje ing jinipun, apan iku linarangan, anak putu wuri-wuri,
poma aja wani anrajang prasapa.
30
Wonten waler kaliwatan, saking luhur dingin dingin, linarangan angumbaha, wana
Krendhawahaneki, dene kang amaleri, Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih
winaleran, kabeh tedhak ing Matawis, yen dolana mring wana tan kena.
31
Dene sesirikanira, yen tedhak ing Demak nenggih, mangangge wulung tan kena,
ana kang nyenyirik malih, bebet lonthang tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan
paying dadaan abang, tedhak Madura tan keni, yen nganggowa bebathikan parang
rusak.
32
Yen tedhak Kudus tak kena, yen dhahara daging sapi, yen tedhak Sumenep iku,
nora kena ajang piring, watu tan den lilani, lawan kidang ul amipun, tan kena yen
dhahara, miwah lamun dhahar ugi, nora kena ajang godhong pelasa.
33
Kabeh anak putu padha, eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler
leluhur nguni, estokna away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti
tan manggih basuki, Sinom salin Girisa ingkang atampa.
sumber : www.alangalangkumitir.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar