Jumat, 05 Desember 2014

Pupuh V Maskumambang

PUPUH V
MASKUMAMBANG

01
Nadyan  silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan 
becik, nora pantes yen den nuta.

02
Apan koyo mangkono watekanneki, sanadyan wong tuwa yen duwe watak tan 
becik, miwah ing tindak prayoga.

03
Aja sira niru tindak kang tan becik, sanadyan wong liya, lamun pamuruke becik, 
miwah ing tindak prayoga.

04
Iku pantes yen sira tiruwa kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, kaki 
iku estokena.

05
Wong tan manut tuture wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing donya tumekeng 
akhir, tan wurung kasurang-surang.

06
Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja ana kang kumawani, 
ing bapa tanapi biyang.

07
Ana uga etang etangane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima 
punika.

08
Ingkang dening rama iku kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping 
katri, lan marang sadulur tuwa.

09
Kaping pat marang guru kang sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, 
pacincene kawruhana.

10
Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badanireki, kinawruhan 
padhang hawa.

11
Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing bating saking Hyang Widdhi, 
milane wajib sinembah.

12
Pankinarsakake marang ing Hyang Widdhi, kinarya lantaran, ana ing dunya 
puniki, nyalaki becik lan ala.

13 
Saking ibu rama margane udani, miwah maratuwa, lanang wadon den bekteni, 
aweh rasa ingkang nyata.

14
Sajatine rasa kang mencarke wiji, sembah kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi, 
milane sadulur tuwa.

15
Pan sinembah gegantining rama ugi, pan sirnaning wong tuwa,  sadulur tuwa 
gumanti, inkang pantes sira tuta.

16
Iba warah wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping papat, marang ing guru 
sayekti, marmane guru sinembah.

17
Kang pituduh marang marganing ngaurip, tumekeng antaka madhangken 
petenging ati, mbeneraken marga mulya.

18
Wong duraka ing guru abot sayekti, mila den prayitna, minta sih siyang ratri, ywa 
nganti suda sihira.

19
Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti kang Murba, ing pati kalawan 
urip, paring sandhang lawan pangan.

20
Wong neng dunya wajib manutamring Gusti, lawan para lurah, sapratingkahe den 
esthi, aja dumeh wis awirya.

21
Nora putra santana wong cilik, pan padha ngawula, pan kabeh namani abdi, yen 
dosa kukume padha.

22
Yen rumasa putra santana sireki, dadine tyasira angenira sayekti, tan wurung 
anemu papa.

23
Angungasken putra sentananing Aji, iku kaki aja, wong suwita nora becik, kudu 
wruh ing karsanira.

24 
Yen tinuduh saking Sang Maha Narpati, barang pituduhnya, poma estokna sayekti, 
karyanira sungkemana.

25
Aja menceng saprintahe sang siniwi, den pethel aseba aywa malincur ing kardi, lan 
aja ngepluk sungkanan.

26
Luwih ala alane ing wong ngurip, wong ngepluk sungkanan tan patut ngawuleng 
Gusti, ngengera sepadha-padha.

27
Nadyan ngenger neng biyungira pribadi, yen karya sungkanan nora wurung den 
srengeni, yen luput pasti pinala.

28
Apa kaya mangkono ngawuleng Gusti, kalamun leleda, tan wurung bilahi, ing wuri 
aja ngresula.

29
Pan kinarya dhewe  bilahinireki, lamun tan temene, barang pakaryane Gusti, lahir 
batin ywa suminggah.

30
Apa Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, 
pan mung bener agemira.

31
Kukum adil pan mung iku kang kaesthi, mulata padha den rumeksa Gusti, endi lire 
wong rumeksa.

32
Dipun gemi nastiti lan ngati-ati, gemi mring kagungan, ing  Gusti ywa sira wani, 
anggegampang lawan aja.

33
Wani-wani nuturken wadining Gusti, den bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, 
nastiti barang parentah.

34
Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing rumeksanira, lan nyandhang karsaning Gusti, 
Duduke wuluh kang tampa.


sumber: www.alangalangkumitir.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar