PUPUH IX
M I J I L
01
Pomo kaki padha dipun eling, ing pitutur ingong, sira uga satriya arane, kudu
anteng jatmika ing budi, luruh sarta wasis, samubarang tanduk.
02
Dipun nedya prawira ing batin, nanging aja katon, sasona yen durung masane,
kekendelan aja wani manikis, wiweka ing batin, den samar ing semu.
03
Lan dimantep mring panggawe becik, lawan wekas ingong, aja kurang iya
panrimane, yen wis tinitah marang Hyang Widhi, ing badan punika, wus
pepancenipun.
04
Ana wong narima ya titahing, mapan dadi awon, lan ana wong narima titahe,
wekasane iku dadi, becik, kawruhana ugi, aja seling surup.
05
Yen wong bodho datan nedya ugi, atakon tetiron, anarima titah ing bodhone, iku
wong narima nora becik
dene ingkang becik, wongnarima iku.
06
Kaya upamane wong angabdi, marang sing Sang Katong, lawas-lawas ketekan
sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah saliyaneng, ing tyas kang panuju.
07
Nuli narima tyasing batin, tan mengeng ing Katong, rumasa ing kani matane, sihing
gusti tumeking nak rabi, wong narima becik kang mangkono iku.
08
Nanging arang iya wong saiki, kang kaya mangkono, Kang wus kaprah iyo
salawase, yen wis ana lungguhe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.
09
Pangrasane duweke pribadi, sabarang kang kanggo, datan eling ing mula mulane,
witing sugih sangkane amukti, panrimaning ati, kaya anggone nemu.
10
Tan ngrasa kamurahaning Widdhi, jalaran Sang Katong, jaman mengko ya iku
mulane, arane turun wong tuwa tekweng, kardi tyase Sariah, kasusu ing angkuh.
11
Arang nedya males sihing Gusti, Gustine Sang Katong, lan iya ing kabehing
batine, sanadyan narima ing Hyang Widdhi, iku wong tan wruh ing,
kanikmatanipun.
12
Wong tan narima pan dadi becik, tinitah Hyang Manon, iku iyo rerupane, kaya
wong ingkang ngupaya ilmi , lan wong nedya ugi kapintaranipun.
13
Iya pangawruh kang den senengi , kang wus sengsem batos, miwang ingkang
kapinteran dene, ing samubarang karya ta uwis, nora kanggo lathi, kabeh wus
kawengku.
14
Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira pitados, ing kapinterane ing undhake,
utawa unggahe kawruh yekti, durung marem batin, lamun durung tutug.
15
Yen wong kurang panrimo ugi, iku luwih awon barang gawe aja age-age,
anganggowa sabar sarta ririh, dadi barang kardi resik tur rahayu.
16
Lan maninge babodipun eling, ing pituturingong, sira uga padha ngemplak
emplak, iya marang kang jumeneng Aji, ing lair myang batin, den ngarsa
kawengku.
17
Kang jumeneng iku ambawani, karsaning Hyang Manon, wajib padha wedi lan
batine, aja mamang parintah ing Aji, nadyan enom ugi, lamun dadi Ratu.
18
Nora kena iya den waoni, parentahing Katong, dhasar Ratu abener prentahe, kaya
priye nggonira sumingkir, yen tan anglakoni, pasti tan rahayu.
19
Nanging kaprah ing masa samangkin, anggepe angrengkoh, tan rumangsa lamun
ngempek empek, ing batine datan nedya eling, kamuktene iki, ngendi
sangkanipun.
20
Lamun eling jalarane mukti, pasthine tan mengkuh, saking durung batin
ngrasakake, ing pitutur engkang dingin-dingin, dhasar tan paduli, wuruking wong
sepuh.
21
Dadine sabarang tindakneki, arang ingkang tanggon, saking durung ana
landhesane, arip crita tan ana kang eling, elinge pribadi, dadi tanpa dhapur.
22
Mulanipun wekasingsun iki, den kerep tetakon, aja isin ngatokken bodhone, saking
bodho witing pinter ugi, mung Nabisinelir, pinter tanpa wuruk.
23
Sabakdane tan ana kadyeki, pinter tanpa takon, apan lumrah ing wong urip kiye,
mulane wong anom den taberi, angupaya ilmu pandadi pikukuh.
24
Kacek uga wong kang tanpa ilmu, sabarange kaot, dene ilmu iku ingkang kangge,
sadinane gegulangan dingin, pan sarengat ugi, parabot kang perlu.
25
Ilmu sarengat pan iku dadi, wadhah kang sayektos, kawruh tetel wus kawengku
kabeh, kang sarengat kanggo lair batin, mulane den sami, brangta maring ilmu.
sumber: www.alangalangkumitir.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar