Jumat, 05 Desember 2014

padma nala


sumigrak tan sulaya
ngalor ngidul tetep mbedhaya
pancen iki dalane sing Kuwasa

kala daya nora kuwawa
ludira mili kadya kanca
apa iki kang dadi pratandha?

kumembenging tirta dadi wursita
rasa kang prasaja
tinilas ing badan priyangga

padma nala kang prasaja
dadya kanca kang tetep nandang tresna
tekan pungkasaning garis sing Kuwasa

padma nala kang cinandra
dadya kanca nglakoni dina
kang dadi gegebenganing driya


semarang, 26 oktober 2014

1 komentar:

  1. assalamualaikum
    niku padma nala anggitanipun sinten nggih ?
    maturnuwun

    BalasHapus