Rabu, 10 Desember 2014

biyung

dening: Uri Pradanasari

biyung, biyung
lakumu rikat
ginawa arit, caping lan kranjang
njangkah ing bumi pertiwi
saperlu nata winih brokoli

biyung, biyung
bubar negal gage nyang gubug
gegenen pawon nggodhog wedang
kluthak-kluthik goreng krupuk
tan kesel lan nggedumel

biyung, biyung
durung rampung terus nyekel ingsun
digendhong jarik dikemuli sarung
agawe nala nora temlawung

biyung, biyung
ingsun tan bisa kocap
nalika kelingan sliramu
amung luh bening kang dadi tembung


Tengger, 15 April 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar