Selasa, 02 Desember 2014

guritku

guritku amung celathu
nilasake tatu ing jero kalbu
nadyan nora disandhing tengsu
nanging isih bisa gumuyu

guritku amung kojah
ngadheg mbegegeg tan polah
rasane nora bungah
luh tumetes katon susah

guritku amung wursita
ngajab bisa tumata
kadya riris kang mbedhaya
tan gelem disuda

guritku amung ngronce tembung
kekancan unyaning demung
pratanda nala kang suwung
jane ya nora wangun

guritku amung nggurnita wanda
tan kena diwada
apa maneh disuda
lir ima nenggak waspa



Boyolali, 25 Juli 2014 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar