Minggu, 14 Desember 2014

Cakar

Cerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan
http://seindahsenja.wordpress.com/

Tukang angkringan siji iki pancen keren tenan. Ora maido karo rupane. Apa mula ngono, banjur dandanane mlipis kaya wong kantoran. Apa merga nyandange rapi banjur katon rupane bagus. Embuh. Bakune, saben-saben kok tansah rapi. Klambi dilebokake, setlikan alus, nganggo sepatu, sing tansaha elek nanging katon cemleret, resik. Wingi aku mrene, pas arep mbayar, nyedhaki dheweke, ambune wangi-wangi sithik. Pancen, nyenengake kang padha jajan ana ing angkringane. Rikala wingi aku mangan ana ing papan kene, tak takoni, jare badhine lumayan, kena kanggo nyekolahake anake kang loro cacahe.


Wengi iki aku mrene maneh. Sasi tuwa ngene bisane mangan mung ana ing angkringan. Sanajan segane sethithik, mangan rong wungkus wis kena dienggo sangu turu. Menawa mangan kaya ngene iki ing wayah esuk, srengege munggah urung tekan tengah mbokmenawa aku wis semaput. Sega sekepel dirubung tinggi, ya iki. Segane angkringan dilawuhi irisan tempe sacumit. Mbrenik cilik-cilik. Sanajan lawuhe mung tinggi… eh, tempe, nanging krasa enak, apa sebab wetenge lagi rumangsa luwe, embuh. Sing penting bengi iki wetengku isih kelebon pangan. Sesuk esuk sarapane wae sing rada bedha.


Arep njupuk cakar apa endhas pithik, sesuk gek aku ora oleh pangan. Sangune ora tekan nggonan. Rak cilaka. Isih untung menawa oleh utangan. Bisa kena dienggo lantaran panguripan. Lha kanca-kancaku amung padha. Padha-padha ora dhuwe dhuwit. Mengko malah mundhak bingung golek uwong sing gelem aweh utangan. Dadi wurung wae anggonku pepinginan. Wong mung arep turu.


Ceck Ceck Ceck…, wingi, aku mrene sedhelo, tak pikir sing lagi padha mangan kuwi rombongan seka adoh kang mampir. Lagi piknik, lan kepingin ngrasakake mangan ana ing angkringan. Menawa wae ora ana angkringan nang kuthane. Nanging dudu. Iki sing teka padha wae. Rame. Rombongan. Lha, jebul sing jajan ana angkringan kene pancen bedha. Gumun tenan aku. Wah wah wah, elok tenan, padha mobilan. Paling ora, sepeda motoran. Rombong-rombongan. Loro, telu, paling akeh pitu


Sing mudun saka mobil kok ya ayu-ayu, dandanan wadon jaman saiki. Kancanane uga bagus-bagus, sandangane pada alus lan ambune wangi, kaya sandangan sing dikumbahke karo londri-londri kae. Aku ora tau mlebu londri, nanging menawa liwat kae, ambune tekan ngendi-ngendi. Ora ngerti, sandhangan reget kok nganti dikumbahke. Terus saben dinane kuwi, gaweane ngapa?


Sajakke dudu mahasiswa. Nanging kok umur-umurane bocah sekolahan. Adoh saka rerupan mahasiswa sing biasane nyambangi angkringan sasi-sasi tuwa ngene. Biasane, sasi tuwa ngene bocah kuliahan padha kenthekan sangu. Menawa tanggal enom olehe memanganan enak-enak. Mengko, menawa tanggal tuwa, sangune kari sithik, kapeksa nyegah pepinginan, olehe memanganan ora dumeh pingin maneh. Banjur mangane padha nang angkringan. Lumrahe ngono.


He he he, aku dadi kelingan awakku dewe sing lagi kere. Proyek, bayarane kok ora genah. Jare dibayar minggon, iki wis telung minggu urung oleh bayaran. Pemboronge ra ngerti pa, aku ya kudu kirim dhuwit kanggo mangan anak bojo. Isih untung anak bojo omahe nang ndeso. Manawa duwite enthek, isih bisa memanganan arepo mung lawuh janganan saka kebonan. Walah walah…Iki kok dadi aku grundelan dewe.


Kae, ana sing teka maneh. Lanang wadon karo bocah cilik. Bocahe cilik semrinthil, ora duwe wedi. Kaya-kaya wis biasane teko ana angkringan kene. Lha, kendhel tenan bocah kuwi. Langsung mlayu ndisiki bapak ibune nyedhak marang tukang angkring. Lho lho lho, langsung njupuk piring banjur njupuki jajanan siji-siji. E… lha, cakare olehe njupuk kok ya ora siji, loro… njupuke kok ya lima. Apa ya enthek kuwi mengko. “Om, Om, es jeruk ya Om,” patembunge banjur mlayu rindhik lungguh ana lesehan kan wus sumadya. Gedhek-gedhek aku ndeleng bocah kuwi mau.


Bapak ibune nyedhak marang angkringan. Sing wadon njupuk sega wungkusan papat. Dicekel ana tangane kiwa. ”Pak, piringe pundi nggih.”


“O, menika Bu, nembe pun betha saking wingking,” banjur diulungake piring kuwi mau dening si tukang angkringan. Aku ya mung gedhek-gedhek ngerteni si ibu njupuk gorengan papat, sate puyuh papat, banjur njupuk cakar. Aku melu ngitung, cacahe jebul rongpuluh. Wayah bapak ibu kuwi mau lagi teka banjur lungguh ana lesehan, tak kira jajanan kuwi mau ora arep dipangan kabeh. Mengko njaluk diwungkus digawa mulih kanggo oleh-oleh. Mau njupuk dhisik amarga mengko mundhak ora kumanan.


Lha kok enthek, dipangan pawongan loro. Bareng tak gathekke kiwa tengen, lan sing padha lagi wae teka, njupukke cakar jebul ya akeh-akeh. Njupuke cakar, jebul ya rong puluh, nek rombongane papat apa lima ya njupuke bisa seket kepara seket lima. Gendheng tenan aku iki, lha kok melu ngitungi wong padha jajan. Melu ngitungi wong padha memanganan.


Aku ngguyu dhewe. Menawa ana sing nggatekke kepara wedi paling. Sajak-sajakke wong ora genep. Ora waras. Dhewe-dhewe sajak cengengesan. Tak banding-bandingake, arepa nang angkringan, wis ora bisa diarani sega dirubung tinggi maneh. Cakar gedhe-gedhe ngono rak ya ora bisa dipadhakake karo tinggi. Tinggine kok gedhe banget. Lha ora pener. Nanging ya aku mumet nek kon golek, apa ya arane…, bebasan, apa paribasan, apa wangsalan. Aku ora kelingan. Iku pelajaran wayah aku SD. Menawa dibalik krasa lucu tur wagu, kepara malah salah, dadi ujaran kang ora mungkin, sega ngrubung tinggi.


Sing tak kira bocah sekolahan, bocah kuliahan, tak rungok-rungokake olehe padha guneman ya ora ngomongake sekolahan, kuliahan. Ora ngomongake skripsi. Babar blas. Tembung dosen, apa tugas, apa sing ana gegandengane karo kuliahan ora kocap. Dadi menawane ya dudu bocah kuliahan.


Sing sisih kulon kae lumrah, wis bebojoan. Dhuwe anak. Katon nanggapi anake sing lagi cerita bab kanca-kancane sing nakal wayah neng sekolahan kang oleh paukumam saka gurune. Jare ana kancane sing diukum, dithuthuk tangane ngganggo garisan karo gurune. Manut critane, gurune pancen rada galak. Bapak ibune manthuk-manthuk nggathekake criwise anake. Sinambi ora leren anggone memanganan. Barang cakar rong puluh. Mangane sepuluh-sepuluh.


 Mangane sajak enak tenan. Apa pancen olehe masak enak, apa wong-wong sing jajan nang kene pancen seneng mangan cakar. Ndilalah dhuwitku kok ya mepet tenan. Menawa isih kena ngono, tak belani ngrasakake cakar siji wae. Aku yen wis ngerti rasane, wis ora kakean pitakonan. Wis marem. Sesuk kapan-kapan menawa aku bayaran, tak coba mangan cakar nang kene. Paling padha wae.


Rombongan sisih lor katon gumyak banget. Bocah lima. Lanang telu, wadon loro. Pas teko, aku melu ngitung njupuke cakar seket lima. Isih tambah neko-neko. Tambah gorengan, tambah krupuk, lan embuh apa wae mau. Ngguyune kok ya cekakakan. Lali ana wong liya akeh nang kiwa tengene. Nanging tak deleng-deleng wong-wong ya ora kaget. Biasa wae. Ora keganggu karo ngguyu kang sepuluh meter saka kene tak kira isih rungu kuwi mau.


“He, Boby Setu wingi sida ngajak Nency. Apa gelem dheweke kowe sing ngajak dolan.”


“Jelas, sida. Kowe, pancen kok. Nyepelekake tenan karo aku. Sapa tha, Boby. ngendi ana sing nolak diajak Boby dolan, he he he..”


“Terus. Terus piye ceritane. Edan tenan kok kowe ki. Si Nency kuwi ya gelem kok ajak jejogetan?”


“Mulane sajak wegah-wegaha kae. Jare isin, ora isa joget. Nanging, suwe-suwe, tak bujuki terus, lan ngerteni wong kiwa tengene ra bakal nggatekake, akhire ya gelem joget. Malah jogete, wuisss… edan tenan. Kapan-kapan wae ajaken. Mesthi gelem. Ngomong wae kancane Boby. Mengko nang kana ketemu Boby. Menawa kowe ngomong ngono mengko rak wonge gelem.”


“ Kowe pancen T.O.P. B.G.T kok Bob. Top banget, ha ha ha ha…”


Lha dalah, ngomongake apa kae. Aku ora mudeng.


Ora krasa olehku mangan sega rong wungkus wis rampung. Biasane malah ora suwi ngene iki. Mangan, ya mangan wae. Telap telep rampung. Iki mau olehku mangan sajak suwi. Kegawa karo kahanan. Guluku kok ya seret ngene. Waduh ora pesen ngombe. Arep njaluk wedang putih mengko gek ora oleh. Luwung bali wae.


“Pinten mas kula, niki segane wau kalih”


“Niki nggih mas, nuwun.


Aku banjur mlayu mak plencing ora nggagas semaure tukang angkringan. Wong aku wis apal regane.



Cerpen Bahasa Jawa: Soto Angkringan

http://seindahsenja.wordpress.com/
http://tempeopotahu.blogspot.com/2014/04/cerpen-bahasa-jawa-cakar.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar