Kamis, 11 Desember 2014

kayu kothak

kasangga kaca kothak-kothak
dikukup gendheng kang cumethak
gumandhul padma tirta nra dipathak

jroning laku kairing unyaning sindu
ndhuwur kayu cumepak panganan ratu
apa wae bisa diluru merga cacahe sewu
kari njupuk manut ati kang digugu

lungguh anteng agawe ayem
ngadhep panganan nganti lerem
pancen nora bisa mingkem

mesti wae papane juragan
mambu arum mawar megar
katon endah sinawang
prakara kertas payu tan dadi alangan


Sekaran, 9 Oktober 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar