Rabu, 03 Desember 2014

Carane Nggawe Brambang Asem

Bahan-bahane: 

Godhong tela1 iket
Brambang 2 iji
Terasi1 iji
Lombok abang4 iji
Uyahsacukupe
Gula Jawa1 iji
Asem Jawasacukupe

Carane Nggawe:

1
Banyu digodhok nganti umub, ditambahake uyah sithik (ben godhong tela tetep ijo seger). Godhong tela sing saiket mau ing jero banyu, sadurunge dikumbah dhisik nganti resik. Digodhog aja nganti kematengen. Banjur ditirisne.

2
Brambang dibakar, trasi uga dibakar. Uleg karo uyah, lombok abang, asem jawa lan gula jawa.

3
Bubar sambele alus, banjur campur godhong tela sing wis ditirisne didokohake ing layah. Banjur dicampur nganggo ulegan.

4
Brambang asem siap dimaem.



sumber : http://dapurmasak.com/resep/brambang-asem-672

Tidak ada komentar:

Posting Komentar