Jumat, 05 Desember 2014

lilin enem juli

tirta lumampah nggawa kapal kojah
wilis nora ana kang kepradhah
padha ngugemi kanthi endah

kotak coklat dadi papan
rikala tresna iki mapan

linambar klasa blarak
disandhing eseme lilin
dikancani wedang ireng sega putih

gojek kuwi isih ana
kacandhet cetha ing prana
esem kuwi ya pancen ana
rikala tresna ngudhungi kanca

kanca kanggo makarya
lir lintang tinekep dirgantara

nora dinuga,
esem kuwi pancen nyata
rasa kuwi tandha tresna
memitran boma kang setya
karangkul sulistyane pratipa

dulur,
dadya dlanggung kang luhur
ngubengi boma kanthi rinangkul
nora bisa nganti ucul

dulur,
padma arga kang misuwur
dadya tandha raketing ulur
nadyan bakal dipisah umur

dulur,
lilin enem juli dadya seksi
ing sandhingmu gawe tentreming ati



                                      Embung,  6 Juli 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar