Jumat, 05 Desember 2014

Kerata Basa

Kereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.
Tuladha :

anak      : kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak
bapak     : bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane)
batur     : ngembati (nindakake) pitutur
bocah     : mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah
brekat    : apa-apa brak-brek banjur diangkat
cangkir   : nyancang pikir
cengkir   : kencenging pikir
Desember  : gedhe-gedhene sumber
dongeng   : dipaido ya keneng (kenging)
garwa     : sigarane nyawa
gedhang   : digedeng yen bar madhang
gelas     : yen tugel ora kena dilas
gerang    : segere wis arang-arang
guru      : digugu lan ditiru
Januari   : hujan sehari-hari
jaka      : apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka
kaji      : tekade mung siji
kathok    : diangkat mbaka sitok
kodhok    : teka-teka ndhodhok
kutang    : sikute diutang
krikil    : keri ing sikil
kuping    : kaku tur njepiping
kupluk    : kaku tur nyempluk
kursi     : mungkur anggone ngisi
mantu     : dieman-eman meksa metu
maratuwa  : mara-mara bereng wis tuwa
piring    : sepi yen miring
prawan    : yen pepara(lunga) ing wayah awan
sepuh     : sebdane ampuh
semah     : isen-isenne umah
sirah     : isine rah (getih)
siti      : isi bulu bekti
sopir     : yen ngaso padha mampir
sruwal    : saru yen nganti uwal ( ucul)
tandur    : olehe nata karo mundur
tapa      : tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa)
tarub     : ditata supaya katon murub
tebu      : anteping kalbu
tuwa      : ngenteni metune nyawa
wanita    : wani ditata
wedang    : ngawe-awe kadang
weteng    : ruwet tur peteng
sumber : http://legilegigulajawa.blogspot.com/2013/02/pepak-basa-jawa-tegese-kereta-basa-lan.html


Tidak ada komentar:

Posting Komentar