Selasa, 02 Desember 2014

wengi abang

wengine wengi abang
cahyane anggegana semu mbranang
nadyan sinandhing sulaking lintang
badra iki milih lelungan

wengine wengi abang
pring-pring garing klothakan
kasenggol playune braja
agawe njekuting hawa

langking kumbu gludhug sesongaran
kaslamur ayang-ayang abang
katon endah sinawang
nanging marakake trataban

pancen katon endah,
nanging ngemu wewadi
nitrane kapaes endah
nanging amung angrumpaka braja
kang ayem diwaca
nanging ora dadi bab sanyata

pancen katon endah,
nanging ngemut wewadi
gaweane nyathutti abab
kanthi memanis reroncen wanda
sakehe laku sadharma
tutup kuping tutup mata

mlaku menciring tanpa dosa 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar