Rabu, 03 Desember 2014

Carane Nggawe "Cethil"

Cethil  yaiku panganan  tradisional kang akeh didol ing pasar-pasar tradisional. Cara maeme cethil iki biasane nggunakake biting amarga panganan iki kelet banget. Penasaran piye carane nggawe?

Bahan Cethil :
  • banyu 125 ml
  • tepung sagu 200 gram
  • uyah sacukupe
  • Pewarna makanan sacukupe, masalah warna manut pengine warna apa.
Bahan kanggo taburan:
  • parutan  klapa sing isih enom dikukus sedhela, akehe 100 gram. 
  • gula pasir 50 gram

Carane Nggawe :
  1.  Tepung sagu lan banyu dicampur, diudhak nganti kalis.
  2. Adonan mau digodhog ning jero banyu nganti tekan kentel, banjur diangkat.
  3. Uleni adonan nganti lembut banjur dibagi dadi loro bagian.
  4. Masing-masing adonan diwenehi pewarna manut selerane dhewe-dhewe. Banjur diublak nganti rata.
  5. Banjur adonan mau dientas lan dipulung terus dikethok cilik-cilik.
  6. Banjur kabeh adonan digodhog nganti mateng lan ngambang.
  7. Kanggo nggawe taburane yaiku nyampurake parutan klapa lan gula dadi sawadhah.
  8. Cethil sing wis digodhog banjur diguling-gulingake ing taburan mau nganti nemplek rata.
  9. Cethil siap dimaem.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar