Selasa, 02 Desember 2014

tepak

katilas tepak ing bumi kae
nalika urip dadi siji mring jagate
nalika urip ngejeni siji lan sijine
nadyan ana telu cacahe
nanging padha gelem cawe-cawe

nora ana sing rebutan
nalika ngantri banyu ing pojok desa
saben pethuk, lakone padha prasaja

pura, sanggar, lan langgar jinejer tanpa bates
disangga aruming siti lan celathune suket
dikancani birune dirgantara lan jogete pratipa

sajroning gremis, tinembus cahya
nora ana sing dadi prahara
tembung lan kekudange warga desa
kang dadi tembange dina

tentrem lan ayem
tanpa winates

manengku puja mring Gusti
njejaga luhuring dharma basundari

tepak sing tinilas, dadi seksi
lelakon sajroning bumi
tepak sing tinilas, dadi seksi                     
tentreming bumine Gusti
tepak sing tinilas, dadi seksi
rikala nunut urip ing ijoning basundari

ngadas,  14 april 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar