Jumat, 05 Desember 2014

Wangsalan

Jenang gula, kowe aja lali
( jenang gula : gulali = lali )

Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu
( Sekar aren : dangu = dangu )

Njanur gunung, kadingaren
( Janur gunung : Aren = Kadingaren )

Mbalung klapa, geleme mung ethok – ethokan.
( Mbalung Klapa : Batok = Ethok – ethok )

Mbalung janur, Paring Usada nggonku nandhang wuyung
( Balung janur : Sada = usada )

Reca kayu, goleka kaweruh rahayu
( Reca kayu : Golekan = goleka )

Ngembang garut nggremeng ora karuwan
( kembang garut = gremeng = nggremeng )

Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.
( kembang kacang : besengut =  mbesengut )

Kembang jambu, kemaruk duw dolanan anyar.
( kembang jambu : karuk =  kemaruk )

Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
( Roning mlinjo : so = ngaso ).

Klapa mudha, yen kalegan paringa apura.
( klapa mudha : degan = kalegan )

Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki.
( kembang gembili : seneng = seneng-seneng )

Witing klapa jawata ing ngarcapada. Salugune wong mudha gelem rekasa.
( witing klapa : glugu = salugune )

Mamet tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila lebur luluh labuh praja
( memet tirta : Ngangsu, tirta jawah jro katiga = labuh )

Mbok aja nglemah bengkah
( Nglemah bengkah : tela = nyela-nyela )

Gayung sumur, aja kemba aja mundhu
( Gayung sumur : Timba = Kemba )

Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe
( Pindhang lulang : Krecek = Kacek )

Nggodong garing, esuk – esuk kok wis nglaras
( godong garing : Klaras = nglaras )

Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka
( Balung geni : Mawa = Menawa )

Balung pakel, aja seneng alok-alok
( Balung pakel : Pelok = alok – alok )

Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung
( Bayem arda : Lanteng = anteng )

Kuku gantung, sawangan kang adi luhung
( Kukus gantung : sawang =  sawangan )

Durna putra, ngudiya basa utama
( Durna putra : aswatan = ngudiya )

Bibis tasik, tasik manda winor tirta. Maju mundur tangeh marem kang pinanggya
( bibis tasik : undur – undur )
( Tasik manda winor tirta : Parem )

Tapas aren, aren arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal tata krama
( Tapas aren : duk )
( Aren arab wijilira : Kurma )

Kancing gelung munggweng dadha, titenana!
( Kancing gelung : Peniti = Titenana )

Yen ora nesu, geneyo kowe kok mentil kacang, mrengut terus.
( mentil kacang : sungut = mrengut )

Mung pingin nggentha dara
( nggentha dara : sawangan = nyawang )

Kahananmu saiki, jan..mandan rawa
( Mandan rawa : wlingi = mangklingi )

Cipta arda, ardaning tyas mring sasama, tyas susila nor raga ambek jatmika
( Cipta arda : nepsu, ardhaning tyas mring sasama = ambek )



sumber : http://e-gembelonline.blogspot.com/2013/01/contoh-wangsalan-bahasa-jawa.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar