Selasa, 02 Desember 2014

jadah, jadah


sumingkir kadya ilir
mlayu mrana nalika nglilir
nora reti apa bakal lair
kaseksen hawa kang sumilir

midak lemah tan polah
jenjem anggone mlaku
we tumetes gawe klayu
nadyan diguyu

jeritane sajak maido
apa sajake pancen bodho
apa malah wis nduwe loro
sajake guyone pas mangan soto

cekelane  jadah papat
muna-muni tanpa mripat
kelap-kelip gawe mak tratap
apa nala iki pancen ketatap

nadyan alon
nanging tatune jero
nora nyuara
amung bengak-bengok
mendhem lara, nala layon


Boyolali, 5 Agustus 2014 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar